Emraan Hashmi
| Emraan Hashmi | |
|---|---|
Hashmi ing Perusahaan Percept Picture lan konferènsi pèrs Vishesh Film ', 2008. |
|
| Lair | Emraan Anwar Hashmi 24 Maret 1979 (umur 34) Mumbai, India |
| Pakaryan | Actor |
| Taun aktif | 2003–saiki |
| Garwa | Parveen Shahani |
| Website http://www.emraan-hashmi.net/ |
|
Emraan Anwar Hashmi (basa Hindi: इमरान हाशमी Basa Urdu: عمران انور ہاشمی; 24 Maret 1979 (umur 34)), dhèwèké kuwi aktor saka India. [1] Wong tuwané jenengé Anwar Hashmi lan Maherahh Hasmi.[1] Bapaké anduwèni agama Islam, ananging ibuné anduwèni agama Katulik. [1] Dhèwèké njupuk jurusan grafik animasi ing Sydenham College sekolah kang ana ing Mumbai. [1] Hashmi palakrama karo pacangané kang anduwèni jeneng Parveen Shahani ing sasi Desember 2006 lan saiki wis anduwèni anak lanang kang diwènèhi jeneng Ayaan.[1]
Bab lan Paragraf |
Karir [sunting]
Hashmi gawé film debuté kang judhulé FOOTHPATH ing taun 2003.[1] Taun-taun sawisé iku, bebarengan karo Malika Sherawat, dhèwèké mainaké peran ing thriller kang judhulé "Murder" kang dadi box office nalika wektu kuwi.[1] Taun 2005, dhèwèké mainaké peran ing film-film kang judhulé "Zeher", "Aasiq Banaya Apne", lan "Kalyuq".[1] Taun 2006, dhèwèké mainaké peran ing film kang judhulé "Gangster".[1] Taun 2007, Hashmi mainaké peran ing telung film, yakuwi, film: "Good Boy and Bad Boy", "The Train", lan "Awarapan", ananging mung film kang anduwèni judhul "Awarapan" kang bisa mlebu nominasi ing box office.[1]
Taun sawisé kuwi, dhèwèké ngerilis film gawéané dhéwé kang kaping pisanan, diwènèhi judhul "Jannat", film kasebut suksès ing pasaran.[1] Taun 2009, filmé kang judhulé "Raaz-The Mistery Continues" dirilis lan dadi film kang suksès banget nalika wektu kuwi, dhèwèké kasil mlebu ing box office. [1] Filmé kang kaping loroné dirilis ning taun 2009 kang judulé TURN MILE gagal mlbu ning box office.[1] Taun 2010, Hashmi mainaké peran ing film kang judhulé "Once Upon A Time In Mumbai", film iki nuli mlebu dadi box office.[1]
Film [sunting]
Film-film kang tau dibintangi déning Emraan Hashmi[1]:
- 2003 : Foothpath
- 2004 : Murder[2]
- 2004 : Tumsa Nahin Dekha
- 2005 : Zeher
- 2005 : Aasiq Banaya Aapne
- 2005 : Chocolate: Deep Dark Secrets
- 2005 : Kalyug
- 2006 : Jawani Diwani – A Youthful Joyride
- 2006 : Aksar
- 2006 : Gangster
- 2006 : The Killer
- 2006 : Dil Diya Hai
- 2007 : Good Boy, Bad Boy
- 2007 : The Train: Some Lines Should Never Be Crossed
- 2007 : Awarapan
- 2008 : Jannat
- 2009 : Raaz- The Mistery Continues
- 2009 : Turn Mile
- 2010 : Once Upon A Time In Mumbai
- 2010 : Crook: It’s Good To Be Bad
- 2010 : 24 x 7 Raftaar
- 2011 : Dil Toh Bachcha Hai Ji
- 2011 : Murder 2[2]
Bebungah [sunting]
Bebungah kang tau ditampa déning Emraan Hashmi[1]:
- 2005 : Nominasi Star Screen Award sebagai Best Villain in Murdrer
- 2005 : Pemenang Stardus Award sebagai Best Actor in a Negative Role in Murder
- 2007 : Nominasi Filmfare Award sebagai Best Villain in Gangster
- 2007 : Nominasi IIFA Award minangka Best Actor in a Negatve Role in Gangster
- 2008 : Nominasi IIFA Award minangka Best Actor in Awarapan
- 2009 : Nominasi IIFA Award minangka Best Actor in Jannat