Distilasi
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Distilasi utawa penyulingan yaiku sawijining metode pemisahan bahan kimia adhedhasar perbedaan kecepatan utawa kagampangan amub (volatilitas) bahan.[1]
Ing penyulingan, campuran zat diumubake saengga umub, lan umube iki banjur diademke maneh ing bentuk cairan.[1] Zat kang duweni titik umub luwih cendhek bakal umub luwih disik.[1]
Metode iki kalebu minangka unit operasi kimia jinis perpindahan massa.[2] Panerapan proses iki adhedhasar ing teori menawa ing sawijining larutan, saben-saben komponen bakal umub ing titik umube.[2] Model ideal distilasi adhedhasar ing Hukum Raoult lan Hukum Dalton.[2]
Bagan [sunting]
Susunan rangkaian piranti distilasi prasaja:
- 1. wadah banyu
- 2. labu distilasi
- 3. sambungan
- 4. termometer
- 5. kondensor
- 6. aliran mlebu banyu atis
- 7. aliran metu banyu atis
- 8. labu distilat
- 9. lubang udara
- 10. papan metune distilat
- 13. penangas
- 14. air penangas
- 15. larutan
- 16. wadah labu distilat
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c (Basa Inggris) Che Resources:Yee DFC. 2008. In Depth Look at Extractive Distillation. Diundhuh tanggal 1 April 2010.
- ^ a b c (en) Kvaalen E, Wankat PC, McKenzie BA. 1914. Alcohol Distillation: Basic Principles, Equipment, Performance Relationships, and Safety. Diundhuh tanggal 30 Maret 2010.