Hukum Raoult
Hukum Raoult yaiku hukum kang dicetuskake dening Francois M Raoult (1830-1901) kanggo nyinaoni sifat-sifat tekanan uap larutan kang ngandut zat pelarut kang asipat nonvolatil, lan ngrembag ngenani aktivitas air.[1]
Hukum Raoult ngenani Campuran Ideal [sunting]
Unine hukum Raoult yaiku: tekanan uap larutan ideal didayani dening tekanan uap pelarut lan fraksi mol zat terlarut kang ana ing larutan mau. [1]
Sacara matematis ditulis minangka ref name="a"/>:
Plarutan= Xterlarut . Ppelarut
Hukum Raoult wigati banget kanggo nyinaoni sifat karakteristik fisik saka larutan kayat ngitung cacahing molekul lan memprediksi masa molar sawijining zat (Mr)[2].
Kanggo larutan kang melu hukum Raoult, interaksi antarane molekul individual komponen loro mau padha karo interaksi antarane molekul saben komponen.[2] Larutan kaya iki disebut larutan ideal[2] Tekanan total campuran gas yaiku cacahing tekanan parsial saben-saben komponen manut hukum Raoult.[3]
Hukum Raoult ing Campuran Ideal [sunting]
Campuran ideal yaiku sawijining campuran kang nuruti hukum Raoult[2]. Sebenere ora ana campuran kang bisa diarani ideal.[2] Nanging pirang-pirang campuran larutan kahanane bener-bener nyedaki kahanan kang ideal. Iki yaiku tuladhane[4]:
Ing campuran rong larutan kang bisa umub, hukum Raoult uga bisa digunakake.[4]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b Wordpress. 2008. Hukum RaoultDiundhuh tanggal 4 April 2010.
- ^ a b c d e Wordpress. 2008. Hukum Raoult Dan Grafik Persamaan RaoultDiundhuh tanggal 4 Apr 2010.
- ^ Chem-Is-Try. 2009. Tekanan UapDiundhuh tanggal 4 April 2010.
- ^ a b Chem-Is-Try. 2009. Hukum Raoult dan Campuran Larutan IdealDiundhuh tanggal 4 April 2010.