Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Kecamatan Cawas
Peta lokasi Kecamatan Cawas |
| Provinsi |
Jawa Tengah |
| Kabupatèn |
Klathèn |
| Jembar wewengkon |
34,37 km² |
| Cacah pedunung |
54.756 |
| - Kapadhetan |
1.589 per km² |
| Desa/kelurahan |
20 |
Kecamatan Cawas iku salah siji kecamatan ing kabupaten Klathen, provinsi Jawa Tengah, Indonesia. Kecamatan Cawas dumunung ing Klathen pérangan kidul-wétan, wewatesan ing sisih kidul-wétan karo Kabupatèn Gunung Kidul , ing sisih wétan karo Kabupatèn Sukaharja lan kecamatan Juwiring, Klathèn, ing sisih lor karo kecamatan Pédhan, Klathèn, sarta ig sisih kulon karo kecamatan Bayat lan Cèpèr.
- Balak
- Baran
- Barepan
- Bawak
- Bendungan
- Bogor
- Burikan
- Cawas
- Gombang
- Japanan
- Karangasem
- Kedhungampèl
- Mlésé
- Nanggulan
- Pakisan
- Plasawangi
- Pogung
- Tirtamarta
- Tlingsing
- Tugu
Ing Cawas ana sawwijining patilasan Sunan Kalijaga arupa lèmpèngan watu sing ana tilas sujud (sikil, tangan, sikut, sikil) sing dumunung ing ing Dukuh Sepi, Barepan. Patilasan iki biasa ramé ditekani para peziarah ing malem 1 Sura (Taun Anyar Hijriah).
- Pendhidhikan : Ing saben désa ana minimal loro SDN/Inpres, SLB, SMPN 1 Cawas ing Barepan, SMPN 2 ing Gombang, SMPN 3 ing Japanan, MTsN ing Bawak, SMP Muhammadiyah 3, SMP Tunas, lan SMP Katolik Pangudi Luhur; SMA Negeri Cawas, SMA Tunas, SMA Muhammadiyah, SMK (SMEA) Muhammadiyah, SMK (STM) Karya Teladan
- Kaséhatan : rumah sakit rawat inap yaiku RSI Klaten cabang Cawas, PKU Muhammadiyah, lan Puskesmas.
- SKB (Sanggar Kegiatan Belajar) ing Barepan
- Kantor Koramil ing Barepan
- Kantor Polsek ing Cawas
- Kantor Pos & Giro ing Barepan
- Sub Terminal ing Cawas
- POM Bensin
- Lapangan Tennis (ing SMAN & ing SMA Muhammadiyah)
- Lapangan Basket (ing SMPN1 Barepan)
- Lapangan Sepak Bola (ing beberapa Desa ada)
- Pasar (Tradisional & modern/swalayan)
- Warung mangan
[sunting] Pranala jaba