Basuki (Pelawak)
| Basuki (pelawak) | |
|---|---|
| Lair | Agus Basuki Bin Suwito Hadiwiryono 5 Maret 1956 |
| Tilar donya | 12 Desember 2007 (umur 51) |
| Pagawéyan | Aktor, pelawak |
| Taun aktif | 1981 - 2007 |
| Wong tuwa | Suwito Hadiwiryono |
Basuki lair ning Surakarta, Jawa Tengah, tanggal 5 Maret 1956, dikenal ning masarakat umum dadi pelawak, bintang iklan lan aktris sinetron.[1] Dheweké anaké pelawak (alm) Pete aliyas Suwito kang dadi legendha amarga kiprahé, dheweké uga anggota srimulat karo (alm) Gepeng, Timbul. Tarsan lan liyané. [2]
Anake pelawak (alm) Pete aliyas Suwito iki, tau dadi bintang iklan produk obat masuk angin, ngidolakaké Bapaké dhewé lan almarhum Benyamin Syueb.[1] nalika karo Benyamin dheweké tau mbintangi sinetron SI DOEL ANAK SEKOLAHAN, kang dadi karyo, kawitané dadi bintang tamu mung kanggo pirang episode ing sinetron kasebut, akhiré dadi pamain tetap amarga aktingé apik.[1] Basuki tau berkecimpung ing dalem persatuan seni Wayang Orang Sri Wanito.[1] banjur nyoba mrlu tampil ing Srimulat mulai 1981 tekan 1986.[1] banjur metu saka Srimulat dheweké pernah mbentuk grup lawak Merdeka karo Kadir, Timbul, Nurbuat, lan Rohana, meski ora suwi.[1] wong telu kang ditinggal yaiku Basuki, Kadir, lan Timbul banjur mbangun Batik Grup mung betah tekan telung taun.[1] Basuki ninggal dunya ing Rumah Sakit Melia Cibubur, Jakarta Timur, Rabu (12/12/07) amarga serangan jantung.[1] Jenasah Basuki dimakamké ing pemakaman umum Kampung Kandang, Jalan Moh Kahfi II, kawasan Cinere, Depok, Jawa Barat, ing dina Kamis.[1]