Angkatan Udhara
Angkatan udhara (AU) yakuwi bagéan saka Angkatan Bersenjata sawijining negara kang dipigunakaké kanggo paprangan udhara. Angkatan udhara umumé dumadi saka pesawat tempur, pesawat pembom, helikopter, pesawat angkut, lan pesawat udhara liyané. Angkatan udhara uga tanggung jawab babagan kagiatan militer ing angkasa, kayadéné pluru kendhali balistik antar bawana lan komunikasi satelit. Sawetara angkatan udhara uga ngepalani aset-aset pertahanan udhara kaya artileri anti-udhara, peluru kendhali dharat tumuju udhara, lan sistem pertahanan udhara liyané.
Organisasi[sunting]
Angkatan Udhara umumé nganggo werna-werna montor mabur lan peralatan, antara liya:
- Pesawat tempur utawa Fighter;
- Pesawat pembom utawa Bomber lan Attack Aircraft, kanggo nyerang sasaran dharat;
- Pesawat pengintai;
- Perang Èlèktronika (Pernika)
- PesawatPernika;
- Pesawat Patroli Maritim;
- Pesawat kargo utawa transpot;
- Pesawat tanker;
- Helikopter;
- lan Pesawat latih.
Angkatan Udhara Indonésia[sunting]
Angkatan Udhara ing Indonésia disebut Tentara Nasional Indonesia-Angkatan Udhara (TNI-AU), yakuwi bagéan saka Tentara Nasional Indonesia kang dipimpin déning Kepala Staf TNI Angkatan Udhara, dicekak KSAU kang wektu iki diwengku déning Marsekal TNI Herman Prayitno. TNI-AU duwèni loro komando operasi yaiku Komando Operasi Angkatan Udhara I (Koops AU I) kang markasé dumununbg ing Halim Perdanakusumah, Jakarta lan Komando Operasi Angkatan Udhara II (Koops AU II) kang markasé ing kutha Makassar.
Miturut UU TNI pasal 10, Angkatan Udhara duwé:
- nglaksanakaké tugas TNI matra udhara ing babagan pertahanan;
- njejegaké hukum lan njaga kaamanan ing wilayah udhara yurisdiksi nasional miturut katentuan hukum nasional lan hukum internasional kang wis diratifikasi;
- nglaksanakaké tugas TNI jroning pembangunan lan pengembangan kakuwatan matra udhara; sarta
- nglaksanakaké pemberdayaan wilayah pertahanan udhara.