Al 'Arish
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Arish utawa el-Arīsh (basa Arab: العريش ) kuwi ibukutha lan kutha paling gedhé (kanthi gunggung pedunung 114.900) saka Governorat Shamal Sina', Mesir, kang dumunung ing pesisir Segara Tengah lan ing semenanjung Sinai, 344 kilometer saka Kairo.
Al `Arīsh misuwur amarga banyuné kang biru bening lan wit palem lan pasir putih ing pesisiré, duwèni plabuhan yacht , lan hotèl-hotèl méwah.
Ing El Arish ana wadi utawa kali garing gedhé, kang diarani Wadi el Arish, kang nampung banyu banjir saka tlatah lor lan tengah Sinai.
Referensi [sunting]
- Map rinci: http://unimaps.com/egypt/index.html
- Perang ing Sinai: http://en.wikipedia.org/wiki/Sinai_and_Palestine_Campaign
Delengen uga [sunting]
Pranala njaba [sunting]
- Falling Rain Genomics, Inc. - Al `Arish, Egypt