Abdullah I saka Yordania
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Abdullah bin Hussein | |
|---|---|
| Raja Yordania | |
![]() |
|
| Mréntah | 1946 - 1951 |
| Dipunterasaken | Talal I |
| Permaisuri Isteri muda |
Musbah binti Nashir Suzdil Khanum Nahda binti Uman |
| Yoga | |
| Putri Haya Talal Pangeran Naif Putri Munirah Putri Maqbulah |
|
| Bapa | Syarif Husain |
| Ibu | Abdiyah binti Abdullah |
| Miyos | 1882 Makkah, Kesultanan Usmaniyah |
| Tilar donya | 20 Juli 1951 (usia 69) Masjidil Aqsa, Yerusalem |
Abdullah bin Husain (Mekkah, Februari 1882 - Yerusalem, 20 Juli 1951) yaiku emir Trans-Yordania sing kuwasa antara taun 1923-1946 lan sawisé iku njabat minangka raja Yordania nganti tumekaning séda.
Abdullah bin Husain minangka salah siji panguwasa Arab sing nentang kakuwasan Turki Usmani ing wiwitan taun 1900-an. Ing taun 1921, Abdullah bin Husain diangkat minangka emir Trans-Yordania, sawijining negara bonéka bentukan Britania Raya, sing mainaké peran strategis kanggo kakuwasan Britania ing dhaérah liya kaya Mesir, Irak, lan Palestina.
Salawasé Perang Donya II, Emir Abdullah dadi sekutu pinercaya tumrap Britania, lan uga mbantu mbrangus huru-hara pro-Blok Poros ing Irak.
Pirsani galeri bab Abdullah I saka Yordania ing Wikimedia Commons.
| Didhisiki déning: jabatan anyar |
Emir Trans-Yordania sangisoré Mandhat Britania 1923-1946 |
Diganti déning: jabatan dibusak (diganti Raja Trans-Yordania) |
| Didhisiki déning: jabatan anyar |
Raja Yordania 1946-1951 (nganti taun 1949 kanthi gelar Raja Trans-Yordania) |
Diganti déning: Talal |
