Zac Efron
| Zac Efron | |
|---|---|
| Asma wiyosan | Zachary David Alexander Efron |
| Miyos | 18 Oktober 1987 (umur 25) Kalifornia, Amerika Serikat |
| Taun aktif | 2002-saiki |
Zac Efron (lair 18 Oktober 1987; umur 25 taun) yaiku aktor kang asalé Amerika Serikat kang kondhang amarga meluni film High School Musical lan serial TV Summerland, Dheweké lair ning lan gedhe ning kutha San Luis Obispo, Kalifornia, Amerika Serikat, Dheweké aktor enom kang ngawali kariré awit umur 11 taun nalika wong tuané weruh bakaté ning bidang tarik suara.[1] Saka kursus vokal kang dheweké jukut, Zac nuli olih bagian ning produksi teater kayata GIPSY, PETER PAN, lan AUNTIE MAME.[1] Perané ning teater iki uga dususul karo penampilané ning layar kaca. [1] Pemirsa TV mungkin esih bisa eling aktor iki main peran ning serial TV ER utawa FIREFLY. [1] Zac uga tau meranaké dadi bocah kang anduweni penyakit autis ning serial MIRACLE RUN kira-kira nalika taun 2004.[1]
Zac uga tau tampil ning serial CSI: MIAMI, HIGH SCHOOL MUSICAL, lan HAIRSPRAY. [1] Ning peranné kasebut dheweké dadi Link Larkin ning HAIRSPRAY, Zac sempet oleh panghargaan Young Hollywood Award.[1] Meski nembe berkarir suwené 6 taun, ananging aktor enom iki ora sithik tau anggoné mbintanngi film.[1] Ora kurang saka 25 judul film wis tau dibimtangi dening dheweké.[1] Jenengé wis kaserat awit taun 2002 nganti saiki.[1] Lan saka 25 judul film mau, Zac wis ngeraih ora kurang saka 6 panghargaan.[1]
Ngelanjutaké kasuksesané saka film HIGH SCHOOL MUSICAL, Zac bali maneh dikogkon ddai pameran utama bebarengan karo pepujaning atiné, Vanessa Hudgens ning film HIGH SCHOOL MUSICAL 2 lan HIGH SCHOOL MUSICAL 3.[1] Ananging hubungan kang dijalin nganti patang taun suwené karo Vanessa akiré nemoni dalan buntu lan pisah ning sasi Desember taun 2010.[2] Sakloron pedhot amarga jadwal syuting kang akeh lan tempaté uga kang adoh-adohan.[2] Mula Zac karo Vanessa ora bisa ketemu, lan sakloron ora kuat njalaniné.[2]
Bab lan Paragraf |
Karya-karyané [sunting]
Film [sunting]
| Tahun | Film | Peran |
|---|---|---|
| 2010 | Charlie St Cloud | Charlie St Cloud |
| 2009 | 17 Again | Mike O'Donnell remaja |
| 2008 | High School Musical 3 | Troy Bolton |
| 2007 | Serial TV Punk'd | dheweké dhewe |
| 2007 | Serial TV Say OK | Lelaki pecinta |
| 2007 | High School Musical 2 | Troy Bolton |
| 2007 | Hairspray | Link Larkin |
| 2006 | Serial TV The Replacements | Davey Hunkerhoff |
| 2006 | If You Lived Here, You'd be Home Now |
Cody |
| 2006 | Serial TV Heist | Pengantar pizza |
| 2006 | The Suite Life of Zack and Cody | Trevor |
| 2006 | High School Musical | Troy Bolton |
| 2006 | Serial TV NCIS | Danny |
| 2006 | The Derby Stallion | Patrick McCardle |
| 2005 | Serial TV Summerland | Cameron Bale |
| 2005 | Serial TV CSI: Miami | Seth Dawson |
| 2004 | Miracle Run | Steven Morgan |
| 2004 | Serial TV Room Raiders | dheweké dhewe |
| 2004 | Triple Play | Harry Fuller |
| 2003 | Melinda's World | Stuart Wasser |
| 2003 | Serial TV The Guardian | Luke Tomello |
| 2003 | Serial TV ER | Bobby Neville |
| 2003 | Serial TV The Big Wide World of Carl Laemke |
Pete Laemke |
| 2002 | Serial TV Firefly | Simon Tam muda |
Album [sunting]
- High School Musical: The Soundtrack, dirilis tanggal 10 Januari 2006.
- Musik latar Hairspray, dirilis tanggal 10 Juli 2007.
- High School Musical 2: The Soundtrack, dirilis tanggal 14 Agustus 2007.