Yury Zhirkov
| Yuri Zhirkov | ||
| Informasi Pribadi | ||
|---|---|---|
| Jeneng jangkep | Yuri Valentinovich Zhirkov[1] | |
| Tanggal lair | 20 Agustus 1983 (umur 29) | |
| Papan lair | Tambov, Russian SFSR, Soviet Union | |
| Dhuwur | 1.80 m (5 ft 11 in)[2][3] | |
| Posisi main | Left winger, Left back | |
| Club information | ||
| Klub saiki | Chelsea | |
| Nomer | 18 | |
|
|
||
Yuri Zhirkov Valentinovich (ning basa Rusia :Юрий Валентинович Жирков; lair 20 Agustus 1983 ning Tambov,Rusia. Yuri Zhirkov Valentinovich yaiku pemain bal-balan Rusia kang maen kanggo Chelsea lan uga kanggo Tim nasional Rusia.Yuri Zhirkov Valentinovich uga bisa maen ning posisi ngendhi wae saka sayap kiwa utawa dadi bek kiwa. Bapake, Valentin Ivanovich Zhirkov kerja ning Pabrik Rectrud lan ibune kerja dadi postwan. Yuri yaiku anak nomor pindho ning kaluwarga. Kaluwarga Yuri urip ning kemlaratan, bverjuang kanggo tuku barang-barang dasar kaya panganan lan sandangan. Yuri uga ngrewangi kaluwarga nandur ing musim panas saengga kaluawrgane bisa mangan sing cukup kanggo musim adhem.Pelatih pertamane yaiku Valery Sharapov sing ditandatangani kanggo Anak Tambov Daerah lan Sekolah Pemuda Olahraga. Zhirkov miwiti karire saka klub FC Spartak Tambov dheweke bisa mbobol gawang kaping 26 saka 74 laga main nganggo posisi gelandang pinggir sakdurunge pindah ning CSKA Moskow. Zhirkov gabung karo CSKA Moskow ing sasi Januari 2004. Laga perdana yaiku tanggal 7 Maret 2004 ning Piala Super Rusia nglawan Spartak Moskow. Menang 3-1 CSKA Moskow wenehi trofi kapisan. Zhirkov nglakoni debut sepisanan ning Liga Champions tanggal 27 Juli nglawan Neftchi Baku PFC. Dheweke uga metu ing babak kualifikasi ketelu nglawan Rangers FC.
Pranala jaba [sunting]
Cathetan suku [sunting]
- ^ Hugman, Barry J. (ed) (2010). The PFA Footballers' Who's Who 2010–11. Mainstream. p. 452. ISBN 9781845966010.
- ^ http://www.chelseafc.com/page/PlayerProfileDetail/0,,10268~30759,00.html
- ^ "Premier League Player Profile". Premier League. http://www.premierleague.com/page/PlayerProfile/0,,12306~30759,00.html. Retrieved 29 April 2011.