Yadnya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Salah satunggaling Yadnya

Yadnya inggih punika ngandhut teges kurban suci ingkang dipunadani kanthi raos tulus ikhlas wonten ing ajaran Agama Hindhu. Tembung punika saking Basa Sanskerta: यज्ञ (yajña) ingkang saking urat tembung Yaj, ingkang ngemu teges "memuja", ngaturaken kurban suci. Wonten ing Agama Hindhu ing Bali, wonten lima jinis Yadnya ingkang kasebat Panca Yadnya, inggih punika:

  • Déwa Yadnya inggih punika yadnya ingkang katujokaken dhumateng ngarsanipun Ida Sang Hyang Widhi Wasa.
  • Rsi Yadnya inggih punika yadnya ingkang katujokaken dhumateng para rsi awit jasa-jasanipun bina umat saha ngrembakakaken ajaran agama.
  • Pitra Yadnya inggih punika yadnya ingkang katujokaken dhumateng para roh leluhur kalebet dhumateng tiyang sepuhipun ingkang taksih gesang.
  • Manusa Yadnya inggih punika yadnya ingkang katujokaken dhumateng sasama manungsa.
  • Bhuta Yadnya inggih punika yadnya ingkang katujokaken dhumateng para Bhuta Kala ingkang gadhah ancas kanggé netralisir kekiyatan alam saéngga dados harmonis.
    [1]

Miturut Wekdal Nindakaken[besut | besut sumber]

Miturut wekdal anggénipun nindakaken Yadnya, umat Hindhu ngenal kalih jinis Yadnya ingkang dipunsebut kanthi istilah:

Nitya Karma Yadnya[besut | besut sumber]

Inggih punika Yadnya ingkang dipuntindakaken saben dinten. Tuladhanipun: Trisandya, Yadnya Sesa (Ngejot/ Saiban).[2]

Naimittika Karma Yadnya[besut | besut sumber]

Inggih punika Yadnya ingkang dipuntindakaken ing wekdal tartamtu. Tuladhanipun: Upacara Persembahyangan Purnama Tilem, slametan, Dinten riyaya, lan sanèsipun.[2]

Miturut Cara Nindakaken (Panca Marga Yadnya)[besut | besut sumber]

Panca Marga Yadnya inggih punika minangka dhasar anggènipun nindakaken Panca Yadnya.

Drewya Yadnya[besut | besut sumber]

inggih punika sawijining kurban suci kanthi ikhlas ingkang migunakaken barang-barang ingkang dados kagunganipun dhumateng tiyang sanès ing wekdal, papan, lan alamat ingkang trep, saperlu kapentingan lan kesejahteraan sesarengan, masarakat, Nagara lan Bangsa.[3]

Tapa Yadnya[besut | besut sumber]

Inggih punika sawijining kurban suci kanthi nglampahi tapa, minangka margi paneguhan iman anggènipun ngadhepi sadaya jinis panggoda supados gadhah ketahanan ing perjuangan gesang sarta nyukseskan sawijining cita-cita luhur.[3]

Swadyaya Yadnya[besut | besut sumber]

Inggih punika sawijining kurban suci ingkang migunakaken sarana "dhiri pribadi" minangka kurbanipun (Sadhana), ingkang dipuntindakaken kanthi tulus ikhlas amargi kasurung déning raos sih-tresna ingkang tulus.[3]

Yoga Yadnya[besut | besut sumber]

Inggih punika sawijining kurban suci kanthi cara nyawijikaken dhiri (ngeningaken cipta, rasa, lan karsa) dhumateng ngarsanipun Gusti (Sang Hyang Widhi Wasa).[3]

Jnana Yadnya[besut | besut sumber]

Inggih punika sawijining kurban suci ingkang nyeluruh, ingkang wosipun dhasar kawruh lan kasucen.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Ida Bagus Pudja. (2002). Buku Pelajaran Agama Hindu Untuk Perguruan Tinggi. Yogyakarta: Penerbit UNY Press.
  2. a b [1]
  3. a b c d e [2]