Umbul Langsé

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Umbul Langsé inggih menika salah satunggaling sumber toya jernih ingkang wonten ing Dhusun Nèpèn, Kecamatan Téras, Kabupaten Boyalali, Jawa Tengah. Toyanipun ingkang jernih dipun-ginakaken dening para warga kanggé kathah kapreluan, kados ta kanggé unjukan, pariwisata, ngantos dipun-ginakaken dados irigasi. Sinaos toya wonten Umbul Langsé samenika kathah sanget, ananging umbul menika kacatet kaprenah pati, langkung lami umbul menika kaprenah mati ngantos 7 taun.[1][2]

Patinipun umbul menika kalampahan nalika taun 1999-an ingkang dumadakan dados aking. Kamangka, toyanipun umbul menika wigatos sanget kanggé pagesanganing masarakat. Kajawi dipundadosaken kanggé kapreluanipun para warga, utaminipun kanggé irigasi masarakat tetanèn. Akingipun umbul menika dados kasusahaning masarakat. Sabin ingkang sadèrèngipun saged dipuntanem kaping 2-3 wonten ing setunggal taun, namung saged dipuntanem kaping setunggal kémawon.[3]

Sadangunipun langkung saking 4 taun, warga tansah karibed kalisikan manawi sumber menika pati. Ananging boten kathah tiyang ingkang perduli kaliyan pagesanganing para turunipun. Wonten tiyang ingkang taksih perduli kaliyan kawontenaning umbul menika. Lajeng piyambakipun pados guru spiritual kanggé mangertos menapa sebabipun umbul menika dados aking. Umbul Langsé dados aking amargi dipungadhékaken ngantos 7 taun. Dados kirang 2-3 taun malih supados umbul menika ngetuk malih.[3]

Ananging menawi badhe ngrikat wekdal supados umbul menika ngetuk malih kedah nyawisaken 17 warni uba rampé ingkang dipunsuwun déning pangreksaning umbul. Salah satunggalipun jiwaning manungsa, ananging wewaton menika awrat sanget saha boten kedah kalampahan. Lajeng saged dipun-gantos kaliyan ménda kendhit inggih menika ménda ingkang awarni cemeng kajawi ing tengah wetengipun wonten bunderan awarni pethak. Ananging wewaton menika ugi sisah amargi reginipun ménda menika awis sanget. Begjanipun wewaton menika saged dipun-gantos kaliyan pisang jené ingkang jangkep kaliyan uwitipun, saking bonggol ngantos jantung pisangipun kedah taksih wonten.[3]

Inggih taksih kathah uba rampe ingkang kedah kacumawisaken. Menawi uba rampé sampun pepak, kalampahan ritual panyuwunan wonten ing umbul menika. Sedaya uba rampe sumèlèh wonten ing séla ageng wonten ing ngrika. Lajeng kalampahan dedunga saha salat gaib ingkang kalampahan sawatawis minggu. Sasampunipun toya sampun mancur malih, kalampahan ritual merti umbul kanthi anggelar kathah tindakan kados ta pagelaran ringgit.[3]

Adicara merti umbul ingkang kagelar rutin menika dipundadosaken minangka rasa sokur kanggé kathahing toya ingkang wonten ing Umbul Langsé. Samenika warga sampun boten ngunjuk toyanipun umbul, ananging ngunjuk saking sumur ingkang wonten ing griyanipun piyambak-piyambak. Samenika umbul namung dipun-ginakaken minangka salah satunggal papan pariwisata warga saha dipundadosaken irigasi wonten ing dhusun-dhusun sakubengipun.[4]

Jujugan[besut | besut sumber]

Umbul Langsé menika gampil dipunjujug amargi boten tebih saking dermagi, saged kapanggih wonten ing aplikasi Google Maps. Menawi saking Sala, sumangga para wisatawan saged njujug dhateng Kutha Boyalali. Ananging sadèrèngipun dugi dhateng kutha, wonten ing Margi Boyalali – Semarang, inggih menika lampu mérah kaping kalih sasampunipun pratigan lampu mérah Pengging, sumangga nikung kiwa mlebet dhateng Margi Randusari – Klathèn. Papanipun ugi boten tebih saking Umbul Leses Sawit, para wisatawan saged njujug dhateng arah kidul saking papan ingkang kathah uwit-uwit ageng menika.[5]

Tikèt saha fasilitas[besut | besut sumber]

Umbul Langé dipunbikak saben dinten saha boten wonten wragadipun, wisatawan namung kedah mbayar parkir ingkang gunggungipun 2.000 rupiyah kanggé pit motor utawi 5.000 rupiyah kanggé kréta. Fasilitas ingkang kacumawis wonten Umbul Langsé inggih menika tajug ingkang saged dipun-ginakaken kangge sembahyang/salat. Ing ngrika ugi wonten tiyang ingkang sadean jajanan kados ta bakso, téla-téla, jenang gurih, pecel toya cenil, lan sapanunggalanipun. Ananging wonten ing ngrika dèrèng wonten fasilitas pakiwan saha kulah.[5]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Umbul Langse". Tribunnewswiki.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-05.
  2. Murdowo, Joko (2021-10-31). "Mistis Umbul Langse, Sumber Airnya Sempat Mati Beberapa Kali. Diberi 17 Macam Sesaji". Suara Merdeka Solo. Dibukak ing 2023-10-05.
  3. a b c d "Asal-usul Umbul Langse Boyolali, Jadi Tempat Favorit untuk Bertapa hingga Pernah Mendadak Kering". Tribun Video (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-05.
  4. Solopos.com, Redaksi (2017-08-19). "Warga Bersyukur Umbul Langse di Teras Boyolali Sediakan Air Melimpah". Solopos.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-05.
  5. a b "Umbul Langse Teras Boyolali – Ciblon Seru – JadwalTravel.com" (ing basa Indonesia). 2019-08-22. Dibukak ing 2023-10-05.