Simbul euro
Simbul euro punika simbol ingkang dipunmupangatake déning mata dhuwit euro. Simbul euro dipun pendet saking huruf Yunani epsilon ugi saget ngelambangake huruf kapisan saking tembung Europe. Kekalih wangun garis horisontal paralel anggadahi pralambang minangka ngambarake kamisuwuran euro [1].
Simbul kasebut dipunwara-warake déning Komisi Éropah ing 12 Desember 1996.
Tandha utawa kode standar internasional kangge euro miturut ISO 4217 inggih menika EUR. Simbul khusus mata dhuwit euro (€) banjur dikembangake kanrhi simbul kang langkung sae lan sampurna. Minangaka survey, simbul ingkang kapengkar déning sedasa kandidat, dipunkirangi dados kalih, banjur dipunserahake déning Komisi Éropah kanthi tumuju milih salah satunggalipun ing antara kekalihipun. Ingkang dados bebungah inggih punika tim ingkang kapengkar déning sekawan ahli.Sejatinipun ingkang ndamel saking simbul kang kapilih inggih menika panjenenganipun Alain Billiet.
Pamor euro jroning unicode saget dipunserat kathi seratan €
Cathetan sikil [sunting]
- ^ Our money page 3, on the web site of the European Central Bank (a PDF page)