Samiyèr
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Samiyèr yaiku salah siji jinising panganan kang bahan pokoke saka tela pohung. Samiyèr wujude bunder tipis, kang digoreng. Arep kaya krupuk ning rasane tela. Wujude tipis banget, renyah yen dipangan. Bisa kanggo lawuh gantine krupuk uga bisa dipangan biasa. Biasane pasarane ana ing pasar-pasar uga kadang kala ana bakul idher mlaku muteri kampung. Anggone idher biasane dipikul kanthi ngomong :samiyèr....samiyèr Wujud dodolane, samiyèr mau dibungkus plastik cilik kang isine kurang luwih 5 nganti 10 iji. Regane mung sewu limang atusan.