Sacha Baron Cohen
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Sacha Noam Baron Cohen (lair ing London, 13 Oktober 1971) iku sawijining pelawak Inggris keturunan Yahudi. Dhèwèké utamané misuwur lan tau menang Golden Globe kanggo meranaké Borat Sagdiyev, (wartawan saka Kazakhstan), Ali G lan Brüno.
Ing acarané, Baron Cohen biasané olèhé wawancara karo tokoh-tokoh wigati iku minangka tokoh-tokoh peranané supaya olèh èfèk lucu. Para paraga sing diwawancarani ngira yèn wawancarané pancèn bener kabèh. Ing 21 Desember 2007, Baron Cohen kandha yèn paragané; Borat lan Ali G arep dipènsiyun merga wis misuwur.