Proyèk dirèktori kabuka
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Dmoz | |
| 222px | |
| 250px Kaca utama Dmoz.org |
|
| URL | www.dmoz.org |
|---|---|
| Komersial? | Ora |
| Tipe situs | Dirèktori wèb |
| Pendaftaran? | Pilihan |
| Basa: | Inggris |
| Pemilik | Netscape AOL |
| Pangripta | Netscape |
| Diluncuraké | 5 Juni 1998 |
| Status | Aktif |
Proyèk Dirèktori Kabuka (Basa Inggris: Open Directory Project, dicekak ODP), dikenal kaanthi jeneng Dmoz (saka jeneng domain asliné, directory.mozilla.org) iku sawijining dirèktori kontèn kabuka multibasa saka World Wide Web, dirèktori iki disusun lan dirumat déning sakumpulan editor sukarila saka sawijining komunitas maya. Dirèktori ODP ora golèki kauntungan jroning ndaptaraké situs-situs wèb sing dikirim. ODP migunakaké skéma hierarkis ontologi kanggo ngatur dhaptar situs-situs wèb ing dirèktoriné. Dhaptar situs-situs wèb ing dirèktori ODP sing nduwèni topik sarupa diklompokaké jroning sawiji kategori, sing bisa nyakup kategori sing luwih cilik.