Prajanjèn Internasional

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados


Broom icon.svg

Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia
(28 Pebruari 2013)
Ngrapèkaken artikel saged arupi mérang artikel ing paragraf utawi, Wikifikasi Artikel, maringi kategori, gambar, pranala interwiki, tandha diakritik lan ndandosi basa ingkang taksih campuran (krama/ngoko lan basa ngamanca).
Saksampunipun dipunrapèkaken, nyuwun supados panitya utawi pangurus busek pesen punika.(Peserta pelatihan boten kénging mbusek pesen punika).

Perjanjèn Internasional, pangertosan perjanjèn internasional kuwi manéka warna kaya hukum, poltik, lan ilmu ilmu sosial liyané.

Bab lan Paragraf

Tegesé Perjanjèn Internasional [sunting]

  • Miturut Prof Dr. Mochtar Kusumaatmadja, S.H., L.L.M.

Perjanjèn internasional yaiku perjanjèn sing diadani antarbangsa sing duwé ancas kanggo nyiptaké akibat - akibat hukum tartamtu.

  • Oppenheimer-Lauterpacht

Perjanjèn internasional yaiku salah sawijining paserujukan antarnegara sing nuwuhaké hak lan kewajiban ing antarané pihak - pihak sing nganakaké.

  • G. Schwarzenberger

Perjanjèn internasional yaiku salah sawijining paserujukan antarané subjek - subjek hukum internasional sing nuwuhaké kewajiban - kewajiban sing nalèni ing sajroné hukum inernasional. Perjanjèn internasional isa arupa bilateral lan multirateral. Subjek - subjek hukumé yaiku kajaba lembaga - lembaga internasional, uga negara - negara.

  • Konferensi Wina taun 1969

Perjanjèn internasional yaiku perjanjèn kang diadani dening 2 negara utawa luwih, kang ancasé kanggo nganakaké akibat - akibat hukum tartamtu. [1]

Jinisé Perjanjèn Internasional [sunting]

1. Perjanjèn Bilateral

Perjanjèn iki sipate mligi treaty contract mung ngatur urusan 2 negara. Mula perjanjèn bilateral sipaté uga katutup, tegesé katutup kanggo negara liya kang bisa mèlu urusan negar kaloro.

Tuladhané :

  • Perjanjèn antarané Républik Indonésia karo Cina ing taun 1955 ngéngingi ngrampungké dwikewarganegaraan.
  • Perjanjèn antarané Indonesia karo Muangthai ngéngingi "Garis Wates Laut Andaman" ing sisih lor Selat Malaka ing taun 1971.
  • Perjanjèn "ekstradisi" antarané Républik Indonésia lan Malaysia ing taun 1974.
  • Perjanjèn antarané Républik Indonésia lan Australia ngéngingi pertahanan lan keamanan wilayah negara kaloro ing tanggal 16 Désèmber 1995.[2]


2.Perjanjèn Multirateral

Perjanjèn iki asring disebut law making treaties amarga biasané ngatur perkara-perkara sing nyangkut kepentingan umum lan asipat kabuka. Perjanjèn multirateral ora mung ngatur kepentingan negara - negara sing nganakaké, uga kepentingan negara liya sing mélu (ora peserta)ing sajroné perjanjèn multirateral kasebut.[3]


Tuladhané:

  • Konvensi Jenewa, taun 1949 ngengingi "Perlindungan Korban Perang"
  • Konvensi Wina, taun 1961 ngengingi "Hubungan Diplomatik"
  • Konvensi Hukum Laut Internasional taun 1982 ngengingi "Laut Teritorial, Zona Bersebelahan, Zona Ekonomi Eksklusif, lan Landas Benua".

Batalé Perjanjèn Internasional [sunting]

  • Ana sing nglanggar.
  • Ana sing ora jujur.
  • Ana pihak sing dirugèkaké.
  • Ana sing ngancam saka pihak sijiné.[4]

Entèké Perjanjèn Internasional [sunting]

  • Ilangé salah sijiné pihak.
  • Entèké wanciné perjanèn.
  • Salah sawijiné pihak péngèn ngebari lan disarujuki dening pihak kaloro.
  • Anané ancaman lan dirugékaké dening pihak sijiné.[4]


Cathetan Sikil [sunting]

  1. ^ Budiyanto, Pendidikan Kewarganegaraan untuk SMA Kelas XI, 2007, Erlangga, kaca 105. Perjanjian Internasional
  2. ^ Budiyanto, Pendidikan Kewarganegaraan untuk SMA Kelas XI, 2007, Erlangga, kaca 105. Perjanjian Internasional
  3. ^ Budiyanto, Pendidikan Kewarganegaraan untuk SMA Kelas XI, 2007, Erlangga, kaca 105. Perjanjian Internasional
  4. ^ a b (id)Internasional.htm(dipunundhuh tanggal 04 November 2012)