Perang Boné
Perang Boné iku perang ing kutha Boné. Ceritane diwiwiti saka sawisé Walanda gawé Perjanjian Bongaya ing taun 1667 Walanda duwé kakuasaan ing Sulawési Kidul mligi ing Makassar.[1] Nanging ing abad 19, Walanda wedi tlatah kang wis dikuasai ing Indhonésia bakal direbut déning bangsa Éropah liya dadi Walanda nyatokaké kakuwasaan ing Sulawési Kidul.[1] Gubernur Jenderal Van der Capellen mangkat mara Makassar ing taun 1824 kanggo ngrusi Perjanjian Bongaya.[2] Mitrut wong Walanda, Perjanjian Bongaya iku wis ora mathuk karo sistem imperialismené Walanda.[2] Nanging Karajaan Boné ora setuju karo panganyaran Perjanjian Bongaya, dadi kadadéan Perang Boné.[2] Ibukotané Boné direbut déning Walanda, nanging Karajaan Boné urung nyerah.[2] Ing mangsa iku Karajaan Boné diperéntah déning Raja Putri (ratu).[2] Ing masa pamaréntahané Raja Putri ngawéh perlawanan mara Walanda tekan akèh kurban saka Walanda.[2] Ing taun 1835 Raja Putri iku séda, perlawanané rakyat Boné dadi ora sakuwat sadurungé amarga pengganti Raja Putri ora patia kuwat.[2] Karajaan Boné dipaksa déning Walanda, iki wis ngatonaké déné penggantiné Raja Putri ora kuwat.[2] Ing taun 1895 perang kadadéan manèh tekan tan 1860 lan Boné dikalahaké déning Walanda.[2] Perlawanan terakhir saka Karajaan Boné iku ing taun 1908 lan mulé iku Boné resmi ing ngisor kakuwasaané pameréntah Walanda.[2]