Pantai Lovina
Pantai Lovina mujudake salah sijine papan wisata kang dumunung ing desa Kalibukbuk, kabupaten Buleleng Bali Lor.[1] .[2]
Pantai Lovina iku seje karo Pantai Kuta utawa Pantai Sanur kang trep kanggo dede.[2] Ing kene ora bisa kanggo dede jalaran akeh prau kang jejer ing pinggir pante.[2] Prau-prau iku dikanggokake kanggo ndheleng atraksi lumba-lumba nalika esuk-esuk.[2]
Wisata Lumba-lumba[sunting]
Atraksi ngoyak lumba-lumba iki diwiwiti esuk umun-umun nalika jam 5.00 jalaran mamalia iku bakal ngatonake awake ing antarane jam 6.00 tekan jam 8.00 esuk. [1][2] Ing jam-jam iku, puluhan lumba-lumba bakal atraksi kanthi alami, ana kang mung nglangi,nanging na uga kang mlumpat-mlumpat.[1] Saliyane ndheleng atraksi lumba-lumba, para wisatawan uga bisa nyelem utawa snorkeling kanggo weruh kaendahaning taman laut Lovina.[1]
Cathetan suku[sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.