Panté
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Addbot (Kontrib • Log) 94 dinten 1413 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Panté yaiku sawijining wilayah kang dadi wates watara segara lan dharatan. Bentuk panté béda-béda miturut kahanan lan prosès kang kedadèn ing wilayah kasebut kayata pangangkutan, pengendapan lan pangikisan kang disebabaké déning gelombang, arus, angin lan kahanan lingkungan ing sakubengé kang kedadèn terus-terusan nganti mbentuk sawijining panté.[1]
Manfaat Panté[sunting]
Akeh manfaat pante kanggo kauripan manungsa, utamane ing dhaerah tropis pante digunaake dening manungsa kanggo akeh hal, ing antarane:
- Objek pariwisata
- Dhaerah pertanian pasang surut
- Areal tambak uyah
- Wilayah kebon kelapa lan gedhang
- Dhaerah pangembangan industri kerajinan rakyat kang nduweni corak khas dhaerah panté, lan liya-liyané.[1]
Pante uga duwe ekosistem, ekosistem pante yaiku ekosistem kang ana ing wilayah wates watara segara lan dharatan, jroning ekosistem pante ana komponen biotik lan komponen abiotik.[1] Komponen biotik pante kasusun saka wit-witan lan kewan kag urip ing dhaerah pante, minangka komponen abiotik pante ing antarane gelombang, arus, angin, wedhi, watu lan liya-liyane. Alas Mangrove (alas bakau) yaiku salah sawijining tuladha ekosistem ing dhaerah pante. Ing daerah alas mangrove urip macem-macem jinis kewan kayata munyuk, yuyu, ula lan urang. Alas mangrove bisa nahan abrasi banyu segara.[1]