Pagunungan Wuyi
| Pagunungan Wuyi* | |
|---|---|
| Situs Warisan Donya UNESCO | |
|
|
|
| Negara | |
| Tipe | Campuran |
| Kriteria | iii, vi, vii, x |
| Referensi | [(en) Mount Wuyi] 911] |
| Wilayah† | Asia-Pasifik |
| Sajarah prasasti | |
| Prasasti resmi | 1999 (Sèsi 23rd) |
| * Jeneng resmi jroning Daftar Warisan Donya. † Miturut klasifikasi resmi UNESCO. |
|
Pagunungan Wuyi (武夷山) yaiku komplek pagunungan kang dumunung ing kutha Wuyi, tapel wates Provinsi Jiangxi lan Fujian.[1][2] Ambané kira-kira 60 km².[2] Ing abad 1 Masèhi, akeh kutha-kutha gedhé kang dibangun cedhaké Pagunungan Wuyi dening pamaréntahan Dinasti Han.[1] Ing kono ana Istana Wuyi kang digawé ing abad ka-7 M minangka panggonan kanggo nganakaké kurban déning kaisar.[2] Istana Wuyi uga dadi pusat Taoisme lan salah siji saka sanga kuil Taoisme kang paling wigati ing abad kaping-10.[2]
Pepunthuk ing Pagunungan Wuyi rata-rata digawé saka watu pasir abang, kang duwèni lumah (permukaan) rata ing pucuké.[2] sumber banyu kang mili ngukir puncak lan wewatu ing pagunungan iki lan diselubungi wit-witan kang ketel.[2]
Kali Jiuqu Xi (九曲溪,Sungai Sembilan Lekukan) mili ngliwati komplèk pagunungan lan dawané 60 km kanthi akèh kuil Konfusius ing pinggirané.[2][1]