KBBI
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Kamus Besar Bahasa Indonesia iku bausastra utawa kamus ekabasa resmi basa Indonésia sing disusun déning Tim Penyusun Kamus Pusat Bahasa lan dibabar déning Balai Pustaka. Kamus iki dadi acuan paling dhuwur basa Indonésia sing baku. Nganti wektu iki, wiwit KBBI kababar pisanan ing taun 1988 wis ngalami révisi kaping telu. Edisi pungkasan yakuwi edisi kapapat kanthi cithakan pisanan dibabar taun 2008.
Sajarah penerbitan [sunting]
- Edisi pisanan: 1988
- Edisi pisanan arupa asil pengembangan saka Kamus Bahasa Indonesia sing kababar ing taun 1983. Kamus iki nembé ngamot 62.100 lema.
- Edisi kapindho: 1991
- Edisi kapindho arupa revisi kanthi edisi pisanan lan ngamot 72 ribu lema.
- Edisi katelu: 2005
- Edisi katelu ngamot 78 ribu lema. Miturut Dr. Dendy Sugono, Kepala Pusat Bahasa, kamus katelu iki isih krasa akèh banget kosakata sing durung mlebu. [1]
- Edisi kapapat: 2008
- Edisi kapapat ngamot luwih saka 90 èwu lema lan sublema.[2]
Rujukan [sunting]
- ^ (id) Majalah Media Watch Habibie Center, no 49/15. Edisi 15 September-15 Oktober 2006. Artikel: Penggunaan Bahasa dalam Media. Hal 29
- ^ (en) Jakarta Post: A Sophistication Unfolds A New Dictionary 15 Feb 2009, diakses 18 Feb 2009
Pranala jaba [sunting]
- KBBI daring
- KBBI Daring versi resmi
- Perbaikan pada KBBI IV
- Kateglo
- Kamus SABDA
- Kamus bahasa Indonesia versi tidak resmi
- KBBI Luring
- KBBI Luring jroning format StarDict