Jonas Brothers
| Jonas Brothers | |
|---|---|
From left to right: Nick, Joe, and Kevin Jonas performing at the Kids' Inaugural: "We Are the Future" event in January 2009. |
|
| Informasi latar wuri | |
| Asal | United States |
| Genre | Pop rock, Powerpop, Teen pop |
| Taun aktif | 2005 - present |
| Label | Columbia, Hollywood |
| Associated acts | Nick Jonas & the Administration |
| Situs wèb | jonasbrothers.com |
| Members | |
| Joe Jonas Kevin Jonas Nick Jonas |
|
| Past members | |
| Alexander Noyes | |
Jonas Brothers yakuwi grup band pop/rock saka Amerika Serikat kang cacahe anggotan ana telu, kang esih sodara yaiku Kevin, Joe, lan Nick Jonas, wis ngerilis 4 album, It's About Time, Jonas Brothers, "A Little Bit Longer", lan "Lines, Vines and Trying Times", Grup musik iki personilé dianggotani dening telung anggota kang tesih saudaraan, ngadeg ning taun 2005.[1] Awalé Nick Jonas kang wektu kuwi umuré 6 taun olih kasempatan kanggo nyanyi sacara profesional.[1] Ning umur pitung taun, Nick uwis biasa tamping ning Broadway.[1]
Kira-kira taun 2005, Nick mutusaké kanggo ngajak saduluré loro Kevin Jonas lan Joe Jonas kanggo anggawe grup musik dhewé.[1] Awalé jeneng kang dienggo yaiku Sons of Jonas kang akiré diganti ngaggo jeneng Jonas Brothers.[1]
Jonas Brothers wus ngerilis telung album, IT'S ABOUT TIME ning taun 2006; JONAS BROTHERS ning taun 2007, lan A LITTLE BIT LONGER ning taun 2008.[1] Ning taun 2009, Jonas Brothers ngrilis film konser kang dibintangi dening bitang telu iki.[1] Film kasebut bentuké 3 Dimensi lan judulé judul JONAS BROTHERS: THE 3D CONCERT EXPERIENCE.[1] Para anggota saka grup musik iki uga tau tamping ning film kang diproduksi dening Disney, CAMP ROCK 2.[1]
Sibuk ning dunya akting, grup musik iki tetep kompak ning dunya musik.[1] Taun 2009 tanggal 15 Juni, grup musik iki ngerilis album kang judulé LINES VINES AND TRYING TIMES.[1] Pangalamé ning dunya musik anggawe Disney ngangkat caritané kanggo digawe film.[1] Film kang dirilis dening Disney iki diputer ning bioskop ning wulan Agustus taun 2009.[1] Film mau disutradarai dening Bruce Hendricks, bintang utamané Nick, Joe, lan Kevin.[2] Ora namung mameraké akting, ning film kuwi Nick, Joe lan Kevin uga mameraké suarané kang apik.[2]