Jang Yoo-jeong
| Jang Yoon-jeong | |
|---|---|
| Latar wuri | |
| Asal | Korea Kidul |
| Génré | K-pop, trot |
| Pegawéyan | Penyanyi, MC |
| Taun aktif | 2004 - saiki |
| Situs wèb | Situs Resmi |
Jang Yun-jeong (장윤정) (lahir 16 Februari 1980) yaiku sawijining penyanyi trot asal Corea Selatan.[1] Jang Yoon-jeong mulai misuwur dadi penyanyi nalika dheweke menang ing Festival Riverside kang dianakake dening MBC taun 1999.[1] Judul lagu kang dinyanyekake yaiku lagu kang deweni nuansa Latin kanthi irah-irahan You Inside Me.[1]
Sawise menangake festival mau, Jang duweni berkesempatan nandatangani kontrak karo sawijining perusahaan rekaman kang lumayan misuwur, nanging sawise pirang-pirang taun dheweke durung duweni kalodhangan kanggo gawe [album]].[1] Nalika kuwi kulawarga Jang lagi kangelan babagan duwit lan kabeh mau ndadekake dheweke ora duweni semangat lan ora ngerti apa kang kudu ditindakake kanggo musike mau.[1] Ing sawijining dina, dheweke nampa sawijining proposal kang tanpa dikira saka sawijining perusahaan rekaman kanthi aran E-mecca Entertainment.[1] Perusahaan mau ngundang Jang lan dheweke ditawani dadi penyanyi musik trot.[1] Mula-mulane Jang mikir yen dheweke ora bakal bisa nanging pungkasane dheweke gelem nyoba.[1] Album debutnya 어머나 (Eomeona; Oh My Goodness) kang digawe bisa laris banget kanthi lagu kang judule padha.[1] Rata-rata kadang sutresna musik ing Korea, padhe kenal Eomeona lan uga nyenengi.[1] Kawit taun 2005, Jang uga mulai gawe album. Ing kono, dheweke uga ngebokake lagu kanthi judul kang pada ing Jepang.[1]
Senajan isih enom, nanging Jang bisa narik kawigaten kadang sutresna musik ing kalangan kang luwih tuwa yaiku kanthi ngusung musik trot, kang dikenal minangka musik generasi ing duwure.[1] Amarga bakate mau, dheweke uga bisa narik kawigaten wong-wong kang luwih enom kanthi musik mau.[1]
Diskografi [sunting]
- 2004: Volume 1 - 어머나 (Oh My Goodness)
- 2005: Volume 2 - 짠짜라
- 2006: Volume 2.5 - 트로트 리메이크 앨범
- 2006: Volume 3 - 이따, 이따요 (Later, Later)
- 2007: Best Album - The Encore
- 2008: Volume 4 - Jang Yoon Jeong Twist
- 2009: Digital Single - 애원