Irgy Ahmad Fahrezy
| Irgy Ahmad Fahrezy | |
|---|---|
![]() |
|
| Lair | Irgy Ahmad Fahrezy 12 Mei 1976 (umur 37) |
| Pagawéyan | aktor, presenter |
| Garwa | Fenny Arieshanty |
| Anak | Althaf Achmad Fazian Fahrezi Raffta Achmad Adhaza Fahrezi |
Irgy Ahmad Fahrezy (lair ing Jakarta, 12 Mei 1976; umur 37 taun) yakuwi aktor lan panatacara Indonesia, Dheweké dikenal uga dadi aktor lan presenter.[1] Jenengé mulai kondhang awit meranaké tokoh Lupus ning serial televisi kang judulé LUPUS MILENIA.[1]
Sinetron kang tau dibintangi dening anak kaping loro saka anak papat iki kayata PONDOK PAK JON, KACA BENGGALA, TUTUR TINULAR, SANG PIALANG, lan KENAPA HARUS INUL?.[1]
Taun 2008, Irgy mbintangi film layar lebar kang judulé LIAR arahan dening sutradara Rudi Soedjarwo.[1] Dheweké anak saka pasangan H. Sumargi Natadikara lan Hj. Letje Sumargi iki tau mandu acara pencarian bakat Indonésian Idol musim pisanan lan musin kang kaping loroné uga.[2]
Priya kang sempet kuliyah ning Sunway College, Malaysia jurusan Ilmu Komunikasi iki mutusaké urip bebarengan karo Fenny Arieshanty.[1] Fenny Arieshanty ditemoni nalika dheweké ana ning Malaysia lan pacaran nganti pitung taun suwené.[1] Lan akiré nikah ning tanggal 24 Juli taun 2005.[2] Mahar nalika nikah yakuwi, saperangkat paralatan shalat, lan perhiasan.[2] Akad nikahé dilaksanakaké ning omahé Fanny ning kawasan Ciputat, Jakarta Selatan.[2]
Dheweké wus anduweni anak loro, anak kang pisanan diwenehi jeneng Althaf Achmad Fazian Fahrezi lan anak kang kaping loroné lanang, lair nalika tanggal 20 Desember taun 2007.[1]
Bab lan Paragraf |
Karir[1] [sunting]
Pambawa Acara [sunting]
- Indonesia Idol
- Indonesia Idol 2
Filmografi [sunting]
- Ca Bau Kan (2002)
- Liar (2008)
Sinetron [sunting]
- Pondok Pak Jon
- Lupus Millenia
- Kaca Benggala
- Tutur Tinular
- Jalan Lain ke Sana 2
- Kenapa Harus Inul?
- Sang Pialang
- Pesantren cinta
Iklan [sunting]
- Pepsodent
Video Klip [sunting]
- Engga Ngerti (Kahitna) karo Mona Ratuliu
