Du Ruhui
Du Ruhui (Hanzi: 杜如晦, 585-630), Adipati Cheng saka Lai (萊成公), yaiki negarawan kang misuwur nalika jaman Dinasti Tang lan sawijining perdana menteri paling apik kang ana ing Dinasti Tang.[1][2] Du Ruhui dilairake ana ing Chang’an (saiki Xi’an, Provinsi Shaanxi) nalika taun 585, ana ing pemerintahan Kaisar Wen saka Sui.[2] Anggota keluargane uga akeh kang dadi pejabat.[1] Kakek moyange, Du Jiao lan kakine, Du Hui iku pejabat Zhou Utara (salah siji dinasti nalika jaman Dinasti Kidul lan Lor).[1] Dulur-dulure saka kakine, Du Guo lan Du Gao, uga tokoh kang misuwur ana ing jaman semana yaiku nalika jaman Dinasti Sui.[1] Du Zha, bapake yaiku sekretaris jenderal tingkat provinsi nalika jamn Sui.[1] Du Ruhui dhewe duwe anak lanang kang ora dingerteni jenengemerga ilang saka cathetan sejarah (dugaan saka saperangan sejarawan, anake Du jenenge Du Changhui), lan adhine lanang kang jenenge Du Chuke.[1] Bakat intelektual Du wis ana wiwit nalika isih cilik, dheweke sering melu ana ing diskusi mngenani karya-karya literatur.[1] Nalika jaman ana ing kakuasane Kaisar Wen, dheweke uga melu ujian kanggo mlebu dadi pegawe negeri sipil.[1] Gao Xiaoji, deputi saka kementrian pelayanan sipil, kepincut marang Du Ruhui lan menehake kedudukan dadi pejabat daerah.[1] Nanging nembe sedela njabat, Du banjur mundur saka jabatane.[1]
