Beksan Guntur Segara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Beksan Guntur Sagara menika salah satunggaling jogètan kang wonten ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Beksan menika diripta dening Sri Sultan Hamengku Buwono I (1717-1792). Beksan menika saking cariyos Panji.

Sajarah[besut | besut sumber]

Beksan Guntur Sagara menika diripta dening Sultan Hamengku Buwono I nalika jumeneng nata.[1] Kang joged ing beksan menika sekawan tiyang jaler. Beksan menika taksih wonten ing beksan kuna, saengga arang dipagelaraken.[2] Sekawan jaler menika dados pralambang arah ler, kidul, kilen, lan wetan.

Beksan Guntur Sagara menika arang sanget dipagelaraken. Namung wonten acara tertemtu beksan menika dipagelaraken, saengga masyarakat menika mboten mangertos menika beksan menika wonten.[3] Beksan menika namung dipagelaraken ing Kraton kagem priyayi utawi raja.

Taun 1917, beksan menika dipagelaraken ing Bangsal Kepatihan Ngayogyakarta lan Mangkunegaran nalika palakraminipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara VII lan Gusti Kanjeng Ratu Timur, putrinipun Sri Sultan Hamengku Buwana VII. Nalika semanten kang jogèt beksan menika Bekel Tjandrabrata, Bekel Atma Suprapto, Bekel Suryo Winata, lan Ngabehi Puspadipura kang diwiyat dening K.R.T. Purbaningrat. Sabanjuripun taun menika Beksan Guntur Sagara mboten dipagelaraken malih.

Taun 1970, Beksan Guntur Sagara menika dipagelaraken ing Dalem Purwadiningratan Ngayogyakarta. Beksan menika dipagelaraken ing acara Catur Sagatra. Kang joget menika Bratasena, Sutardiman, Harjosudiro, lan Sukisno. Ing taun 2013, Beksan Guntur Sagara menika digelar wonten ISI Surakarta lan Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Nalika taun 2019, Beksan menika dipagelaraken nalika Bebuka Sekaten.[4]

Cariyos[besut | besut sumber]

Cariyos kang wonten ing Beksan Guntur Sagara menika saking Panji utawi Ringgit Gedhog.[1] Cariyos menika diwiwiti nalika Raden Jayasena, putra Raja Jenggala saking ibu Dewi Wandansari. Raden Jayanegara menika nyuwun marang Raja Jenggala supados diakeni dados putranipun. Raja Jenggala menika mboten purun ngakeni Raden Jayasena dados putranipun saderenge numpas Raden Guntur Sagara, putranipun Raden Brajanata.[5]

Raden Jayanegara lan Raden Guntur Sagara menika banjur tandhing. Nanging amargi sami kiyatipun, mboten wonten kang kalah lan menang. Raden Jayanegara banjur diakeni dados putranipun Raja Jenggala.[5]

Obahan[besut | besut sumber]

Beksan Guntur Sagara wonten 6 obahan inggih menika

a. Sembahan Sila. Sembahan sila menika kagem nyuwun berkah marang Gusti Kang Maha Kuwaos Sultan.

b. Sembahan jèngkèng. Sembahan jèngkèng menika ngaturaken kurmat marang Gusti Kang Maha Kuwaos lan Sultan.

c. Tayungan. Tayungan menika mlampah leres tumuju ngajeng.

d. Sabetan Kambeng. Sabetan Kambeng menika kagem mantebaken ati, pikiran, lan raga nalika nglaksanakaken sabda.

e. Jogedan kambeng. Jogedan kambeng menika dados bundherankang diwatesi garis supados pikiran, ati, lan raga menika tambah anteb.

f. Perangan. Menika gadhah artos menawi kekarepan lan ati kang saé menika bakal nemahi kasantosan.[6]

Busana lan Dandanan[besut | besut sumber]

Busana Beksan Guntur Sagara menika wonten 8 jinis, inggih menika:

a. Irah-irahan tepen. Irah-irahan tepen menika kados blangkon nanging ing wingkingipun wonten sekar saking bludru. Menika dados tutup sirah.

b. Celana Cindhe. Celana cindhe menika kagem nutupi bagean ngandhap saderengipun ditutup migunakaken kain.

c. Nyamping poleng. Nyamping poleng menika kain kagem nutupi celana kang saduwuripun dengkul. Kain menika dados pawiyatan menawi ing gesang menika wonten sae lan ala, siang lan dalu, lan sak panuggalanipun.

d. Sonder Cindhe. Sonder cindhe menika piranti jogedan kang wonten ing sisih wingking kang wonten kembang alit.

e. Buntal. Buntal menika kadamel saking wol kang wonten ing caketipun sonder cindhe.

f. Lonthong cindhe. Lonthong cindhe menika kados stagen. Kagem ngencengaken jarik.

g. Kaweng. Kain persagi kang diselipaken ing ngandhap Lonthong cindhe.

h. Kamus Timang. Kamus Timang menika skaing bludru kang migunakaken roncé-roncé.[2]

Dandanan menika kagem ngiyataken lakon dados gagah migunakaken kambeng.

Gendhing[besut | besut sumber]

Gendhing kang digunaken ing Beksan Guntur Sagara menika wonten 3 perangan:

a. Maju.

  1. Lagon wetah. Lagon wetah menika tembang tanpa migunakaken gamelan, namung migunakaken keprak. Menika digunakaken nalika sembahan sila, sembahan jengkeng, lan tayungan tumugi ngajeng. Saksampunipun dhadhap banjur jengkeng.
  2. Kawin sekar. Kawin sekar menika dados iringan nalika tata rakit majeng.
  3. Kandha. Kandha menika kados dene lagon, nanging kathah pangucapipun.
  4. Liwung Manahira. Menika kagem iringan nyembah sila, nyembah jengkeng, jumeneng, banjur nyambet kambeng, tayungan minggir, gongsa seseg, kalajengaken nyandhak kambeng, mireng ajeng-ajengan kambeng.
  5. Kawin sekar. Menika diginakaken ing ragam capeng.
  6. Kandha.
  7. Playon. Playon menika diginakaken tayungan dumugi gawang tengah banjur tancep.

b. Jogètan

  1. Kawin sekar. Kawin sekar menika diginakaken nalika obah cepeng.
  2. Pocapan. Pocapan menika nalika Raden Jayasena nalika nantang Raden Guntur Sagara.
  3. Kala Ganjur. Kala ganjur menika diginakaken nalika jogedan kambeng.
  4. Kandha. Nalika mboten obah menika migunakaken kandha. Kandha menika kados mekaten "Wauta, Raden Jayasena menika, ingkang mantarake kawiraganira kaliyan Raden Guntur Sagara, pranyata Raden Jayasena menika putranipun prabu ing Jenggala patutan, Sang Dyah Dewi Wandansari, sareg sowan ingkang Rama Prabu ing Jenggala mboten dipun aken lajeng damel sayembara katandingaken lan ingkang putra Raden Brajanata migunakaken gendhing kalaganjur. salangkung dening rame, tan wonten ingkang kuciwa, lan ingkang riku hanulya ngasta agerikma tameng waja, agerikma tameng mulya sampun dipunukelaken Ringgit nyandak giro lajeng kendhel." Sabanjuripun dipun saut kandha kados menika "Wauta Raden Jayasena, ingkang yuda henjer lan Raden Guntur Sagara, Hanyiptakaken pawekasaning haprang, hagemiro tameng mulya sampun dipun kiwaaken, aln ing mriku hanaluya sami dipun ukelaken(sareg kaliyan ugeling kandha gada bindhi sinaut caak) Ringgit nyandha kambeng minger miring mencolot dhateng gawang tengah, miring kambeng, lajeng malang kambeng. Kendel."
  5. Pocapan. Pocapan menika tanggepan Raden Guntur Negara tumrap Raden Jayasena.
  6. Ganjur. Ganjur menika iringan nalika Ringgit Nyabet, Tanjak Miring, lan Tanjak.

c. Mundhur

  1. Liwung.
  2. Lagon.

Piranti[besut | besut sumber]

Beksan Guntur Sagara menika migunakaken 3 piranti inggih menika:

  1. Gadha. Gadha menika dados sebrangan lan gagah.
  2. Bindhi. Dados gambaran Pandawa kang tenang.
  3. Tamèng. Tamèng menika dados alat perang lan piranti saking mengsah.[2]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b "Beksan Guntur sagara". Warisan Budaya Takbenda. 2018-01-01. Dibukak ing 2023-02-28.
  2. a b c "Beksan Guntur Sagara". Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta. 2014-03-04. Dibukak ing 2023-02-28.[pranala mati permanèn]
  3. Damarjati, Kumoro (2019-11-02). "Tarian Beksan Guntur Segoro Resmi Buka Pameran Sekaten Yogyakarta 2019". Akurat.co. Dibukak ing 2023-02-28.[pranala mati permanèn]
  4. S, Tyo (2019-11-01). "Traian Beksan Guntur Sagara Jadi Pembuka Pameran Sekaten 2019". Jogja aja. Dibukak ing 2023-02-28.[pranala mati permanèn]
  5. a b "Beksan Guntur Sagara". Warisan Budaya Takbenda. 2018-01-01. Dibukak ing 2023-02-28.
  6. Damarjati, Kumoro (2019-11-02). "Tarian Beksan Guntur Sagara Jadi Pembuka Pameran Sekaten 2019". Akurat.co. Dibukak ing 2023-02-28.[pranala mati permanèn]