Basa komputer
Basa komputer iku istilah alternatif lan luwih jembar cakupané tinimbang istilah basa pamrograman sing biasa dipigunakaké. Basa pamrograman minangka bagéan saka basa komputer, semono uga jenis basa liyané. Contoné, HTML iku sawijining basa markah lan basa komputer, ananging sacara tradisional ora dianggep minangka basa pamrograman.
Basa komputer sayektiné dipérang dadi rong klompok: basa tingkat dhuwur lan basa tingkat cendhèk. Basa tingkat dhuwur yaiku basa sing gampang dingertèni déning manungsa, utamané dumadi saka blok-blok kodhe kaèksekusi, sing utamané njupuk keputusan tinamtu sing nemtokaké arah utawa alur sawijining program. Sawijining kompilator ngowahi saka basa tingkat dhuwur iki dadi kodhe sing dimangertèni déning komputer. Akèh-akéhé perangkat alus modhèrn digawé jroning basa tingkat dhuwur, sing dirakit dadi kodhe rakitan tingkat cendhèk, sing sabanjuré dikompilasi dadi instruksi mesin.