Al-Kindi
{{inuseuntil|
Al-Kindi yaiku tokoh kang nemokake minyak wangi. [1]Jeneng lengkapé yaiku Au Yusuf Yakub ibn Ashaq Al-Kindi utawa luwih dikenal kanthi aran Al-Kindi. [1]Wong Barat biasa nyebut kanthi aran Al-Kindus. [1]Dhéwèké lair ing kutha Kuffah taun 801 M. [1]Bapake yaiku gubernur ing Kuffah nalika pemerintahan Khalifah Abbasiyah.[1] Déwèké keturunan saka bangsa Kindah kanga asalé saka Yaman. Al-Kindi minangka ahli kang wiwitan nemokaké minyak wangi sacara kimiawi. [1]Saliyané nemokaké minyak wangi, Al-Kindi uga duwèni pirang-pirang penemuan. [1]Ing bidang teknologi, Al-Kindi ngasilaké kaca mata lan alat perang. [1]Ing bidang arsitektur, dhéwèké ngrancang jembatan, mesin perang, trowongan, lan bangunan liyané ing dhaérah kang dipanggoni.[1] Al-Kindi uga dikenal minangka filosof Islam kang wiwitan. [2]Dheweke uga bisa nyawijikaké pemikiran Islam karo filsafat Yunani kang seneng ngandalaké logika. [2]Pancen ana padon antarané flsafat Yunani karo agama-agama ing Arab (Timur Tengah).[2] Kabèh mau didiwiwiti kanthi penerjemahan buku-buku filsafat saka basa Yunani dadi basa Arab.[2]Kabèh alesané ditampa déning kerajaan, ilmuwan, utawa agamawan ing mangsa kuwi. [2]Miturut Al-Kindi, minangksa umat manungsa ing dunya iki kudhu bisa pangertèn marang liyan, dudu malah padon karo liyan.[2] Al-Kindi tinggal dunya tahun 873 M.[3]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h i (id) [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 37]
- ^ a b c d e f (id) [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 38]
- ^ (id) [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 39]
