Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
-
Alfabet Fonetis Internasional (Inggris: International Phonetic Alphabet) iku sawijining sistem notasi fonetis, yaiku kumpulan saka tandha kanggo nulis lan njelasaké sadhéngah basa manungsa. Notasi iki dikembangaké lan dirancang déning Perhimpunan Fonetis International lan minangka sistem Notasi Fonetis sing paling tuwa lan paling amba dipigunakaké.
Pamétaan simbol kanthi swara[sunting]
Lambang lambang saka IPA migunakaké lambang saka Alfabet Latin lan Alfabet Yunani, sebagéan ing antarané diowahi sethithik. Saben simbol ngacu marang sawijining swara spesifik sing mbédakaké sawijining tembung jroning sawiji basa karo tembung liyané. Alfabet Fonetis Internasional nyakup sadhéngah basa, lan iki nyebabaké pamétaan saka sawijining lambang marang sawijining swara ora mèmper banget karo pamétaan swara ing basa liya sing jroning kosa-abjadé nduwèni lambang sing padha jroning IPA.
Karakter mligi saka IPA njupuk papan ing UNICODE wiwit saka U+0250 nganti U+02AF
Aksara ing sisih kiwa yakuwi aksara ora bulat lan aksara ing sisih tengen arupa aksara bulat.
Konsonan tekanan paru-paru[sunting]
Yèn ana loro, konsonan sing ing kiwa ora muni lan sing ing sisih tengen muni, kothak sing diwernai abu-abu dinyatakaké mustahil kangggo diucapna déning manungsa.
Konsonan non paru-paru[sunting]
Ing ngisor konsonan sing diciptakaké tanpa migunakaké gerakan paru-paru.
| ʍ |
Konsonan hampiran langit-langit belakang terbibirkan tak bersuara |
| w |
Konsonan hampiran langit-langit belakang terbibirkan bersuara |
| ɥ |
Konsonan hampiran langit-langit tengah terbibirkan |
| ɧ |
gabungan antara ʃ lanx |
Konsonan Gesek utawa artikulasi gandha bisa diwakilaké nganggo loro simbol sing digabung nganggo "tie bar" utawa ligatura ing ngisor iki:
| ligatur |
tie bar |
| ʣ |
d͡z |
| ʤ |
d͡ʒ |
| – |
k͡p |
| ʦ |
t͡s |
| ʧ |
t͡ʃ |