Yuyurumpung
Yuyurumpung iku buta prajineman Ngalengka, putrane Prabu Dasamuka lan Dewi Rekathayaksi. Wujude buta sirah yuyu. Tokoh iki mung metu ing pagelaran wayang Ramayana lakon Rama Tambak. Bebarengan karo Kalasraba, Yuyurumpung pinercaya dening Prabu Dasamuka mboboli tambak sing pinuju dibangun para kethek wadyabalane Prabu Rama. Pamrihe supaya Prabu Rama sawadyabalane ora bisa tekan ing Ngalengka.
Yuyurumpung enggal tumandang gawe. Tambak diboboli lan kethek-kethek kang pinuju nyambutgawe disapiti awake. Ambrole tambak sisih tengah nggawa kurban kethek pirang-pirang. Katut kagawa amblesing tambak, kasempyok alun, lan kablebeg banyuning samodra. Bangkekane kethek-kethek sing mati pating krampul, banjur diuncalake ombak menyang dharatan.
Kethek-kethek liyane gage tumandang gawe ndandani tambak sing ambrol. Sedhela wae bali rapet maneh. Sing maune pethal bali sambung maneh.
Ing sisih kene rapet, dumadakan ing sisih kana tambake dhadhal. Nggawa kurban kethek kang ora sithik. Kasempyok alun lan kablebeg banyu samodra. Uga ana kang pedhot awake.
Priksa kahanan iku, Raden Gunawan Wibisana darbe panduga yen iku mesthi pakartine Ditya Kala Yuyurumpung. Sigra ngawe Kapi Kingkin.
"Kapi Kingkin, kowe aja wedi kangelan, takjaluk gawemu. Nitik kurbane wanara sing pedhot awake, iki mesthi saka pokal gawene buta sirah yuyu sing jenenge Yuyurumpung. Pandugaku, sing ndadhali tambak uga Yuyurumpung. Gage golekana. Yen wis ketemu enggal pancingen supaya dheweke munggah menyang dharatan. Nanging ingkang ngati-ati, aja nganti kowe kena sapite. Mengko yen wis ana ing dharatan, tandhinge angger Anoman."
"Inggih, sendika, raden."
Kapi Kingkin nuli nyilep ing jroning samodra, ngupadi buta Ngalengka sing ndhadhali tambak. Jebul tenan pandugane Raden Wibisana. Ana buta sirah yuyu lagi mboboli tambak nganggo sapite. Kapi Kingkin nyaketi saka pungkuran, banjur nyapit bangkekane buta iku.
Yuyurumpung njondhil kaget, tutuke misuh-misuh, banjur ngoyak kethek sirah yuyu sing nglarani awake. Kapi Kingkin gage mentas ing dharatan. Yuyurumpung nututi mentas ing dharatan. Langsung ditandhingi Anoman. Dadi perang tandhing rame. Ora nganti sapanginang, Yuyurumpung klakon ningkes Anoman.. Sigra kalebokake ing tutuk nedya kauntal. Nanging Anoman nduwa tutuke Yuyurumpung kang sisih ndhuwur, sikile njejak tutuk ngisor. Anoman ngetog karosan, Yuyurumpung kasuwek tutuke nganti tekan padharan. Buta prajineman Ngalengka iku sirna margalayu.
Kapethik Saking
[besut | besut sumber]Mulyantara.2019.Majalah Jaka Lodhang (cover Tokoh Wayang). Yogyakarta: Jaka Lodhang Press.