Menyang kontèn

Yuri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tuladha karya yuri, nampilaké sesambungan watara karakter wadon

Yuri (ꦪꦸꦫꦶ, Jepang: 百合), uga kasebut girls' love (ガールズラブ) yaiku génré medhia Jepang, kaya anime lan manga, sing fokus critané ing sesambungan intim watara karakter wadoné. Sanadyan kanthi umum asring digayutaké karo sesambungan lesbian, génré iki uga nyakup karya-karya kang nggambaraké sesambungan emosional lan spiritual watara wadon sing durung tamtu asipat romantis utawa cumbana (sèksual). Yuri paling asring digayutaké karo anime lan manga, sanadyan saiki istilah iki uga asring digunakaké kanggo gim vidéo, novel cendhak, lan karya susastra liyané.

Tembung "yuri" (百合) kanthi harfiah artiné "sekar bakung", nglambangaké ayu lan kasucian wadon. Sekar bakung dadi simbul visual génré iki.

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  • Maser, Verena (2013). Beautiful and Innocent: Female Same-Sex Intimacy in the Japanese Yuri Genre (PDF) (PhD). University of Trier Department of Linguistics, Literature and Media Studies. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2022-11-19. Dibukak ing 2025-10-11.
  • Merveille, Karen (2010). "La révolte du lys: une odyssée du yuri". Manga 10 000 images: Le manga au féminin . Éditions H (3): 55–79. ISBN 978-2-9531781-4-2.