Y.B. Mangunwijaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Yusuf Bilyarta Mangunwijaya, Pr.
Lair6 Mèi 1929
Ambarawa, Kabupatèn Semarang
Pati10 Fèbruari 1999
Jakarta
Pakaryanrohaniawan, budayawan, pamulang, arsitèk, penulis

Yusuf Bilyarta Mangunwijaya (Ambarawa, Kabupatèn Semarang 6 Mèi 1929-Jakarta 10 Fèbruari 1999), punika budayawan, arsitèk, panulis, rohaniwan, aktivis lan pambéla wong cilik. Y.B. Mangunwijaya punika pambarep saking 12 sadhèrèk putra pasangan Yulianus Sumadi lan Serafin Kamdaniyah.

Yusuf Bilyarta Mangunwijaya ingkang akrab kanthi asma Romo Mangun, kaloka déning novelipun ingkang sesirah Burung-Burung Manyar. Naté nampi anugerah bebingah sastra sa-Asia Tenggara Ramon Magsaysay wonten ing taun 1996. Piyambakipun kathah nglairaken novèl ing antawisipun: Ikan-ikan Hiu, Ido, Homa, Roro Mendut, Durga/Umayi, Burung-Burung Manyar lan esai-esai ingkang sumebar wonten ing sawatawis ariwarta Indonésia. Bukunipun Sastra dan Religiositas mimpanganken bebingah buku non-fiksi ingkang saé piyambak taun 1982.

Wonten ing babagan arsitèktur, piyambakipun ugi asring dipunjuluki Bapak arsitèktur modhèren Indonésia. Salah satunggil bebingah ingkang naté katampi inggih punika Aga Khan Award, ingkang wujud bebingah paling inggil karya arsitèktural ing donya ingkang nembé tuwuh (donya tumuwuh), kanggé rancangan pamukiman ing gisiking Kali Code, Yogyakarta.

Romo Mangun angraos kuciwa bab sistem pendhidhikan ing Indonésia, pramila lajeng nuwuhaken gagasan-gagasan énggal. Piyambakipun tumunten ambangun Yayasan Dinamika Edukasi Dasar. Sadèrèngipun, Romo ambangun gagasan SD ingkang eksploratif dhumateng wargi kurban proyèk waduk Kedung Amba, Jawa Tengah, sarta sing ndunungi ingkang kacingkrangan ing gisiking Kali Code, Yogyakarta.

Perjuanganipun ing babagan mbela kaum mlarat, katindhes lan kapinggiraken kanthi pulitik swara hati nurani andadosaken piyambakipun dados oposisi salami pamaréntahan Soeharto.

Pendidikan[besut | besut sumber]

  • HIS Fransiscus Xaverius, Muntilan, Magelang (1936-1943)
  • STM Jetis, Yogyakarta (1943-1947)
  • SMU-B Santo Albertus, Malang (1948-1951)
  • Seminari Menengah Kotabaru, Yogyakarta (1951)
  • Seminari Menengah Santo Petrus Kanisius, Mertoyudan, Magelang (1952)
  • Filsafat Téyologi Sancti Pauli, Kotabaru, Yogyakarta (1953-1959)
  • Teknik Arsitèktur, ITB, Bandung (1959)
  • Rheinisch Westfaelische Technische Hochschule, Aachen, Jerman (1960-1966)
  • Fellow Aspen Institute for Humanistic Studies, Colorado, AS (1978)

Biografi[besut | besut sumber]

  • 1936
    • Mlebet HIS Fransiscus Xaverius, Muntilan, Magelang.
  • 1943
    • Tamat HIS, nglajengaken dhateng STM Jetis, Yogyakarta.
    • Ndèrèk kingrohosi ingkang dipunwontenaken déning bala Jepang ing lapangan Balapan, Yogyakarta.
    • Wiwit remen sinau sajarah donya lan filsafat.
  • 1944
    • STM Jetis dipunbibaraken, lan dipundadosaken markas perjuangan bala RI.
    • Ndhèrèk aksi nyolong mobil-mobil bala Jepang.
  • 1945
  • 1946
    • Nglajengaken sekolah ing STM Jetis.
    • Dados prajurit Tentara Pelajar, naté dipuntugasaken minangka supir pendamping Panglima Perang Sri Sultan Hamengkubuwono IX mriksa wadyabala.
  • 1947
  • 1948
    • Mlebet SMU-B Santo Albertus, Malang
  • 1950
    • Minangka Perwakilan saking Pemuda Katulik hadir wonten ing karaméan kemenangan RI ing alun-alun kitha Malang. Ing mriki Mangun mireng pidato Mayor Isman ingkang salajengipun berpengaruh dhumateng masa depanipun.
  • 1951
    • Lulus SMU-B Santo Albertus, nglajengaken dhateng Seminari Menengah ing Kotabaru.
  • 1952
  • 1953
  • 1959
    • 8 September dipuntahbisaken dados Imam déning Biskop Agung Semarang Mgr. Soegijapranata, SJ.
    • Nglajengaken pendidikan wonten ing Teknik Arsitektur ITB.
  • 1960
  • 1963
    • Nenggani wekdal Biskop Soegijapranata séda ing biara suster Pusat Penyelenggaraan Ilahi ing Harleen, Walanda
  • 1966
    • Lulus pendidikan arsitèktur lan wangsul dhateng Indonésia.
  • 1967-1980
    • Dados Pastor Paroki ing Gréja Santa Theresia, Désa Salam, Magelang.
    • Wiwit sesambungan sareng pemuka agama sanès, sepertos Gus Dur lan Ibu Gedong Bagoes Oka.
    • Dados Dosen Luar Biyasa jurusan Arsitektur Fakultas Teknik UGM.
    • Wiwit nyerat artikel kanggé koran Indonesia Raya lan Kompas, tulisan-tulisanipun kathah bab: agama, kabudayan, lan teknologi. Ugi nyerat carkak lan novèl.
  • 1975
    • Mimpangaken Piala Kincir Emas, saking carkak ingkang dipunselenggaraaken déning Radio Nederland.
  • 1978
  • 1980-1986
    • Ndhampingi wargi Kali Code ingkang terancam penggusuran, ngayahi mogok dhahar kanggé nulak rencana penggusuran.
  • 1986-1994
  • 1992
    • Nampi The Aga Khan Award kanggé arsitèktur Kali Code
  • 1994
    • Ngadegaken laboratorium Dinamika Edukasi Dasar. Model pendidikan DED ingkang dipunterapaken wonten ing SD Kanisius Mangunan, ing Kalasan, Sléman, Yogyakarta.
  • 1998
    • 26 Mèi, Romo Mangun dados satunggiling pembicara utama wonten ing aksi dhémonstrasi peringatan terbunuhnya Moses Gatutkaca ing Yogyakarta.
  • 10 Fèbruari 1999
    • Séda, amargi kénging serangan jantung, sasampunipun maringi sesorah wonten ing seminar Meningkatkan Peran Buku dalam Upaya Membentuk Masarakat Indonésia Baru ing Hotèl Le Meridien, Jakarta.

Karya Arsitektur[besut | besut sumber]

  • Pemukiman Kali Code, Yogyakarta
  • Kompleks Sendangsono
  • Gedung Keuskupan Agung Semarang
  • Gedung Bentara Budaya, Jakarta
  • Gréja Katulik Jetis, Yogyakarta
  • Gréja Katulik Cilincing, Jakarta
  • Markas Kowihan II
  • Biara Trappist Gedono, Salatiga, Semarang

Bebingah[besut | besut sumber]

  • Bebingah Kincir Emas kanggé penulisan carkak saking Radio Nederland
  • Aga Khan Award for Architecture kanggé pamukiman Kali Code, Yogyakarta [1] Archived 2007-10-05 at the Wayback Machine.
  • Bebingah arsitèktur saking Ikatan Arsitek Indonésia (IAI) kanggé papan paziarahan Sendang Sono.
  • Bebingah sastra sa-Asia Tenggara Ramon Magsaysay ing taun 1996

Buku lan tulisan[besut | besut sumber]

  • Balada Becak, novèl, 1985
  • Balada dara-dara Mendut, novèl, 1993
  • Burung-Burung Rantau, novèl, 1992
  • Burung-Burung Manyar, novèl, 1981
  • Di Bawah Bayang-Bayang Adikuasa, 1987
  • Durga Umayi, novèl, 1985
  • Esei-esei orang Republik, 1987
  • Fisika Wangunan, buku Arsitektur, 1980
  • Gréja Diaspora, 1999
  • Gerundelan Orang Republik, 1995
  • Ikan-Ikan Hiu, Ido, Homa, novèl, 1983
  • Impian Dari Yogyakarta, 2003
  • Kita Lebih Bodoh dari Generasi Soekarno-Hatta, 2000
  • Manusia Pascamodern, Semesta, dan Tuhan: renungan filsafat hidup, manungsa modhèren, 1999
  • Memuliakan Allah, Mengangkat Manusia, 1999
  • Menjadi génerasi pasca-Indonésia: kegelisahan Y.B. Mangunwijaya, 1999
  • Menuju Indonésia Serba Baru, 1998
  • Menuju Republik Indonesia Serikat, 1998
  • Merintis RI Yang Manusiawi: Republik yang adil dan beradab, 1999
  • Pasca-Indonésia, Pasca-Einstein, 1999
  • Pemasyarakatan susastra dipandang dari sudut budaya], 1986
  • Pohon-Pohon Sesawi, novèl, 1999
  • Pulitik Hati Nurani
  • Puntung-Puntung Roro Mendut, 1978
  • Putri duyung yang mendamba: renungan filsafat hidup manungsa modhèren
  • Ragawidya, 1986
  • Romo Rahadi, novèl, 1981 (terbit kanthi sesinglon Y. Wastu Wijaya)
  • Roro Mendut, Genduk Duku, Lusi Lindri, novèl trilogi, 1983-1987
  • Rumah Bambu, kumpulan carkak, 2000
  • Sastra dan Religiositas, kumpulan esai, 1982
  • Saya Ingin Membayar Utang Kepada Rakyat, 1999
  • Soeharto dalam Cerpen Indonésia, 2001
  • Spiritualitas Baru
  • Tentara dan Kaum Bersenjata, 1999
  • Tumbal: kumpulan tulisan tentang kabudayan, perikemanusiaan dan kemasyarakatan, 1994
  • Wastu Citra], buku Arsitektur, 1988

Buku Bab Romo Mangun[besut | besut sumber]

  • Romo Mangun Di Mata Para Sahabat, Abdurrahman Wahid, Kanisius, 1999
  • Y.B. Mangunwijaya, Pejuang Kemanusiaan, Priyanahadi dkk, Kanisius, 1999
  • Tektonika Arsitektur YB. Mangunwijaya, Eko A. Prawoto, Cemeti Art House Yogyakarta, 1999
  • Romo Mangun Imam bagi Kaum Kecil, Purwatma Pr, Kanisius, 2001
  • Mendidik Manusia Merdeka, Romo Y.B. Mangunwijaya 65 Tahun, Sumartana dkk, Institut Dian/Interfedei dan Pustaka Pelajar, 1995
  • Mengenang Y.B. Mangunwijaya, Pergulatan Intelektual dalam Era Kegelisahan, Sindhunata, Kanisius, 1999
  • Menjadi Generasi Pasca-Indonésia, Kegelisahan Y.B. Mangunwijaya, Kanisius, 1999
  • Romo Mangun Sahabat Kaum Duafa, Iip D. Yahya dan I.B. Shakuntala, Kanisius, 2005

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Pranala njawi[besut | besut sumber]