Wong Serawai

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Suku Serawai
Serawai
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Bengkulu Selatan
Kepahiang
Lebong
Rejang Lebong
Basa
Malayu Tengah
Agama
Islam
Animisme
Golongan ètnik magepokan
Suku Rejang
Suku Lembak
Suku Pasemah

Suku Serawai inggih punika suku bangsa kanthi populasi paling ageng angka kalih ingkang dumunung ing laladan Bengkulu. Sapérangan ageng wong Serawai dumunung ing kabupatèn Bengkulu Selatan, inggih punika ing kacamatan Sukaraja, Seluma, Talo, Pino, Kelutum, Manna, lan Seginim. Suku Serawai gadhah mobilitas ingkang lumayan inggil, wekdal punika kathah ingkang sami ngadhu nasib ing laladan-laladan sanès saperlu pados pagesangan énggal, kados ta ing kabupatèn Kepahiang, kabupatèn Rejang Lebong, kabupatèn Bengkulu Utara, lan sanèsipun.[1]

Kanthi tradhisional, suku Serawai gesang saking kagiyatan ing babagan tetanèn, mliginipun pakebonan. Kanthah ingkang ugi ngusahkaken tuwuhan pakebonan utawi jinis tuwuhan keras, kados ta cengkeh, kopi, klapa, lan karèt. Ewadene makaten, ugi ngusahakaken tuwuhan pangan, palawija, hortikultura, lan peternakan saperlu nyekapi kabetahan gesang.[2]

Dhéfinisi Serawai[besut | besut sumber]

Tembung Serawai piyambka taksih déréng jelas sanget tegesipun, sapérangan tiyang ngandharaken bilih Serawai ateges "satunggal kulawarga", bab punika boten aneh manawi dipuntingali saking raos pasedherekan utawi kekerabatan antawis sasama suku Serawai kiyat sanget (mliginipun ingkang numpang gesang ing komunitas bebrayan sanèsipun). Kajawi punika wonten tiga pamanggih sanès babagan asal tembung Serawai, inggih punika:

  • Serawai asalipun saking tembung Sawai ingkang ateges cabang. Cabang punika tegesipun minangka cabang kalih kali inggih punika kali Musi lan kali Seluma ingkang dipunwinatesi déning bukit Campang;
  • Serawai asalipun saking tembung Seran. Tembung Seran piyambak tegesipun cilaka, bab punika dipungayutaken kaliyan legenda putra ratu saking hulu ingkang dipunbuang amargi kénging lelara. Anak ratu punika dipunbuang ing kali lan kadampar ing muara, lajeng ing mriku anak ratu punika yasa sawijining nagara.
  • Serawai asalipun saking tembung Selawai ingkang ateges kenya utawi perawan. Pamanggih punika adhdhasar saking cariyos ingkang nedahaken bilih suku Serawai minangka keturunan sapasang garwa. Ingkang kakung asalipun saking Rejang Sabah (penduduk asli pasisir pasisir Bengkulu) lan garwanipun putri utawi kenya ingkang asalipun saking Lebong. Ing basa Rejang dhialèk Lebong, putri utawi kenya dipunsebut Selaweie. Kekalih punika lajeng patutan lan yasa krajan alit ingkang déning tiyang Lebong dipunsukani nama Selawai.[3]

Aksara Serawai[besut | besut sumber]

Suku bangsa Serawai ugi sampun gadhah seratan piyambak. Seratan punika, kados déné aksara Kaganga, dipunsebut déning para ahli kanthi nama huruf Rencong. Suku Serawai piyambak nyukani nama seratan punika minangka Surat Ulu. Susunan bunyi huruf ing Surat Ulu mirib sanget kaliyan aksara Kaganga. Amargi punika, boten aneh manawi jaman rumiyin para pemimpin-pemimpin suku Rejang lan Serawai saged komunikasi kanthi migunakaken bentuk-bentuk seratan punika.[4]

Cathetan suku[besut | besut sumber]