Wong Pranakan
Pranakan (fonetis: [prɑnaɑn], carakan: ꦥꦿꦤꦏ꧀ꦏꦤ꧀) yaiku sesebutan kanggo sawijining pepanthan bangsa marang wong sing nduwèni leluhur campuran antarané bangsa Asia Tenggara "asli" lan bangsa manca. Pranakan dhéwé minangka sesebutan sing jembar lan bisa wae kanggo nyebut wong sing saka keturunan Baba lan Nyonya (keturunan Tionghoa), Chetty (keturunan Indiya), Kristang (keturunan Portugis) lan Jawi Peranakan (keturunan India, Melayu lan Arab).[1]
Golongan Pranakan
[besut | besut sumber]Pranakan Arab
[besut | besut sumber]Pranakan turunan bangsa Arab lan Melayu. Bisa ditemokake ing negara Malaysia lan Singapura
Baba lan Nyonya
[besut | besut sumber]Wong Tionghoa Pranakan lumrahé ngarani awake dhewe minangka Baba-Nyonya. Sesebutan Baba minangka sesebutan pakurmatan kanggo wong lanang Tionghoa Selat. Tembung iki asalé saka tembung silihan saka basa Hindi (sing asline saka basa Persia) sing dijupuk déning penutur basa Melayu minangka sesbutan kinasih kanggo simbah, lan wis dadi bagéyan saka basa saben dina. Ing dhialek Hokkien Penang, diucapaké bā-bā . Wanita keturunan Tionghoa Selat diarani utawa digayakaké minangka Nyonya. Nyonya (uga dieja nyonyah utawa nonya) minangka istilah pakurmatan Melayu sing digunakaké kanggo nyebut wanita manca sing wis nikah. Sesebutan iki minangka tembung silihan, dijupuk saka tembung Portugis kuna kanggo wanita donha (bandhingaké, contoné, nhonha Kreol Makau sing diucapaké ing Makau, sing dadi koloni Portugis ing 464 taun). Amarga wong Melayu nalika semana duwé kacondhongan kanggo nyebut kabèh wanita manca (lan sing katon manca) nyonya, dhèwèké uga migunakaké tembung kasebut kanggo wanita Tionghoa Selat. Baka sithik, basa iki dadi luwih "eksklusif" digandhengake karo dhèwèké sing pancen nduweni raja brana luwih akeh tinimbang bangsa "pribumi".
Chetty
[besut | besut sumber]Wong Chitty, (Tamil: சிட்டி) uga kondhang diarani Chetty utawa Chetti Melaka, yaiku pepanthan wong Tamil sing bisa kapethuk ana ing Melaka, Malaysia, lan Singapura, minangka bumi rantonan tumrap dheweke padha sing migrasi ing abad kaping 18 lan 19 saka bumi Hindustan. Sesebutan liyane sing kondhong yaiku " India Peranakan " kanggo sing wis basa lan adat istiadat Melayu (umume) nanging uga tetep njaga kapitayane lan warisan Hindune.[2]
Indesia
[besut | besut sumber]Indesia iku sesebiutan informal (ora resmi) sing digunakaké kanggo njlèntrèhaké campuran budaya lan ètnis warisan India lan Pribumi Malaysia. Istilah iki digunakaké kanggo nyebut wong "bumi putra" Indonesia sing wis nikah karo wong India Malaysia, mliginé ing konteks Malaysia saiki. Campuran iki paling katon ing antarane pepathan Tamil Malaya lan Batak Indonesia, kanthi akèh-akèhé campuran iki kedadeyan ing jaman modern.
- ↑ "Menelusuri Budaya Peranakan di Indonesia dan Sejarahnya – Inspektorat Jenderal Kemendikdasmen" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-17.
- ↑ save-culture-hindu-10849258 "Temui Chetti Melaka, atau suku Indian Peranakan, yang berupaya menyelamatkan budaya mereka yang punah". CNA.
{{cite web}}: Check|url=value (pitulung)[pranala mati permanèn]