Wong Bunyèvsi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Bunyèvsi
Bunjevac girl in Hungary.jpg
Wanita Bunyèvsi ing Honggari
Gunggung cacah jiwa
(Ora dingertèni; bebrayan ing Sèrbi mbiwara yèn dhèwèké kagolong wong Bunjevci utawa wong Kroasia)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Sèrbi 16.706 (sènsus 2011)
Honggari udakara 1.500 (sènsus 2001)
Basa
Sèrbo-Kroasia (dhialèk Bunyèvsi)
Agama
Katulik Roma
Golongan ètnik magepokan
Wong Slav Kidul liyané

Wong Bunyèvsi (Pangucap cara Sèrbo-Kroasia: [bǔɲeːʋtsi] or [bǔːɲeːʋtsi]) ya iku golongan ètnis kang akèh-akèhé ndunungi wewengkon Bačka ing Sèrbi (provinsi  Vojvodina) lan Honggari Kidul (wewengkon Bács-Kiskun, mligi ing wewengkon Baja). Wong-wong iki bokmenawa asalé saka Hèrsegowina, kang banjur migrasi menyang Dalmatia, lan saka kana ngalih menyang Lika lan Bačka ing abad angka 16 lan angka 17. Wong Bunyèvsi kang manggon ing Bosnia lan Hèrsegowina dalah ing Kroasia saiki ing wektu iki nguri-uri jejuluk mangkono mligi minangka jatidhiri étno-régional tur asring ngaggep golongané minangka wong Kroasia.

Wong Bunyèvsi nggilut Katulik Roma lan nyaturaké basa Sèrbo-Kroasia adhialèk Ikav kang duwé karakteristik arkais. Nalika abad angka 18 lan angka 19, golongan iki kapétung cukup akèh cacah jiwané ing Bačka Lor, nanging akèh kang nuli caruban karo wong Honggari.

Dhémografi[besut | besut sumber]

Sèrbi[besut | besut sumber]

Bunyèvsi ing Vojvodina (sènsus 2002)

Ing Sèrbi, wong Bunyèvsi ndunungi Provinsi Swatantra Vojvodina, akèh-akèhé ing iring Lor wewengkon Bačka. Bebrayané kapérang miturut afiliasi étnis. Ing sènsus 2011, ing babagan étnisitas, ana 16.706 pandunung Vojvodina kang mbiwara yèn golongané iku wong Bunyèvsi lan 47.033 minangka wong Kroasia. Ora kabèh wong Kroasia ing Vojvodina iku turunan wong Bunyèvsi. Golongan liyané kang gedhé ya iku wong Soksi.

Cacah jiwa wong Bunyèvsi kang paling akèh ing Sèrbi (9.235) dumunung ing Subotika, kutha pacarubané ètnis-ètnis. Kutha iki dadi punjering budaya lan pulitik wong Bunyèvsi. Laladan urban wong Bunyèvsi liyané kang wigati ya iku kutha Sombor (1.629). Désa-désa kang akèh didunungi wong Bunyèvsi kabèh kapernah ing wewengkon administratif kutha Subotika:

  • Ljutovo
  • Bikovo
  • Gornji Tavankut
  • Donji Tavankut
  • Đurđin
  • Mala Bosna
  • Stari Žednik
  • Bajmok

Honggari[besut | besut sumber]

Kutha lan désa ing Honggari kanthi akèh pandunung wong Bunyèvsi (jeneng pamukiman ing dhialèk Bunyèvsi ana ing sajeroné kurung) ya iku:

  • Baja (263 saka 37.916)
  • Gara (201 saka 2.683)
  • Katymár (Kaćmar) (136 saka 2.359)

Désa-désa kang duk nguni sapérangané didunungi akèh wong Bunyèvsi, nanging saiki amung kurang saka 70 pandunungé kang wong Bunyèvsi ya iku:

  • Csávoly (Čavolj)
  • Felsőszentiván (Gornji Sveti Ivan, Gornji Sentivan)
  • Bácsalmás (Aljmaš)
  • Csikéria (Čikerija)
  • Bácsbokod (Bikić)
  • Mátételke (Matević)
  • Vaskút (Baškut, Vaškut)

Étimologi[besut | besut sumber]

Omah Bunja ing Istria

Ana sawenèh ancangan ngenani mula bukané jeneng golongan wong iki. Ancangan kang paling kondhang ya iku yèn jenengé purwané saka Kali Buna ing Hèrsegowina tengah, kang tanah wutah getihé leluriné wong Bunyèvsi sadurungé migrasi. Étimologi iki kapisan diusulaké Fr. Marijan Lanosović lan disengkuyung Vuk Karadžić, Rudolf Horvat, Ivan Ivanić, Ivan Antonović, István Iványi, lan Mijo Mandić. Ancangan liyané ngandharaké yèn jeneng mau purwané saka istilah Bunja, omah watu tradhisional asal Dalmatia.

Ing dhialèk Bunyèvsi, jenengé golongan étnis iki Bunjevci (diucapaké Pangucap cara Sèrbo-Kroasia: [bǔɲeʋtsi]), ing basa Kroasia Bunjevci,[1] ing basa Sèrbi Буњевци utawa Bunjevci, ing basa Honggari bunyevácok, lan ing basa Jerman Bunjewatzen.

Ing wektu iki[besut | besut sumber]

Ing Honggari[besut | besut sumber]

Ing Honggari, wong Bunyèvsi ora dianggep golongan minoritas; pamarèntah kana nganggep golongan wong iki padha karo wong Kroasia. Rikala April 2006, kumpulan Bunyèvsi prakarsani pangumpuling tandha tangan kasarujukan nedya ngangkat Bunyèvsi dadi sawiji golongan minoritas kang séjé. Ing Honggari, 1.000 tandha tangan kang sah dibutuhaké supaya sawiji golongan étnis minoritas bisa kacathet dalah diakoni sujarahé. Ing pungkasaning 60 dina, wektu kang diwenèhaké kanggo ngayahi prakarsa iku, punjul 2.000 tandha tangan kasih diolèhaké. Udakara 1.700 tandha tangan dianggep sah déning kantor setèman nasional. Parlemèn Budapèst tumuli diwatesi tekan Januari 2007 saperlu ngrampungaké prakara iku sarana nampa utawa nulak usulan mangkono. Durung ana prakarsa sairib kang kasil tekan samana kawit kukum bab minoritas disahaké ing taun 1992.[2] Ing 18 Dhésèmber, Majelis Nasional Honggari nulak prakarsa iku (kanthi wong 334 milih Ora lan wong 18 milih Iya). Putusan iku dhedhasar kajian Akadhemi Kawruh Honggari kang mungkiri wong Bunyèvsi minangka golongan ètnis swatantra. Ing kajian iku kapratèlaké yèn wong Bunyèvsi iku sawijining subètnis Kroasia). Péhak oposisiné para pangarep minoritas Kroasia uga mrabawani asiling pamilihan[3] lan panemuné Akadhemi Kawruh Honggari.[4]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Bunjevci". Hrvatski jezični portal. 
  2. Nemzetiségi elismerést a bunyevácoknak – Index Fórum
  3. Iromány adatai
  4. (ing basa Kroasia) Hrvatski glasnik br.3 Odbijena narodna inicijativa... , Jan 18, 2007PDF (714KB)

Waca uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]