Wong Bidayuh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Suku Dayak Bidayuh
Suku Bidayuh, Suku Bukar Sadong, Tebakang
Gunggung cacah jiwa
(~ 9.400 (Indonesia)
104.000 (Malaysia)
)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Kembayan, Sanggau, Kalimantan Barat: 9.400
Sarawak: 104.000 (1980).[1]
Basa
basa Bidayuh ( sdo )
Agama
Kristen Katolik
Golongan ètnik magepokan
Rumpun Klemantan, suku Dayak

Suku Dayak Bidayuh minangka sub-suku saking suku Dayak rumpun Klemantan ingkang minangka sub-pérangan saking kelompok Ribunic/Jangkang ingkang kasungsun saking suku Dayak Ribun, suku Dayak Pandu, suku Dayak Pompakng, suku Dayak Lintang, suku Dayak Pangkodatn, suku Dayak Jangkang, Suku Dayak Simpakng lan sanés-sanésipun.[2]

Laladan domisili[besut | besut sumber]

Suku Dayak Bidayuh inggih punika salah satunggal saking pitung suku ageng Dayak ing Kalimantan (Murut, Banuaka, Ngaju, Iban, Kayan, Ma'anyan, Bidayuh),ingkang sapérangan ageng populasinipun ing wewengkon kabupaten Sanggau, Ketapang, lan sapérangan sanesipun nyebar ing wewengkon Sekadau lan Bengkayang. Suku Dayak Bidayuh ugi kathah ingkang dumunung ing laladan Noyan,Kembayan, Sanggau, Kabupaten Sanggau. Kawasan basis saking bidayuh inggih punika ing desa Tanjung Merpati, Ngalok, Mobui, Sejuah, Sungai Bun, Tanap, lan desa-desa sakanan kiringipun ing Kalimantan Barat, menawi ing Sarawak, suku bidayuh dumunung ing desa Samarahan lan Kuching. Wonten sapérangan ahli ingkang naté neliti asal muasal suku bidayuh punika. Ananging, boten wonten salah satunggal ingkang otentik lan nyangkut sadaya sendi pagesangan masarakat bidayuh. Miturut Prof. Richard McGinn suku dayak Bidayuh gadhah gegeyutan kulawarga kaliyan suku jebon layak Bukar-Sadong ingkang celak.[3]

Mata pencaharian[besut | besut sumber]

Kathah-kathahipun, mata pencaharian penduduk suku punika inggih dados petani karet, buruh serabutan. Namung sapérangan alit ingkang makarya dados punggawa pamarentah lan pedagang, punapa malih dados pejabat ing pamarentahan. Namung wonten ing dekade punika wonten sapérangan putra laladan ingkang gadhah jabatan-jabatan ingkang wigati ing pamarentahan.[4]

Alasan utama mata pencaharian penduduk kados makaten inggih punika kirangipun akses ilmu pangetahuan lan tèknologi sarta kirangipun sarana pendidikan ing mrika. Cobi bayangaken, lare-lare kedah mlampah tebihipun puluhan kilometer saperlu dugi ing sarana pendidikan. boten kaget menawi kathah tiyang sepuh ingkang langkung nengenaken kabetahan ékonomi tinimbang perkawis ing pendidikan.[3]

Wonten satunggal bab ingkang narik saking pagesangan masarakat dayak bidayuh. Kahanan alam ingkang boten nyengkuyung usaha tetanen dipunsikapi kanthi mbikak lahan tetanen, ingkang salajengipun dipunbakar. Bab punika dipunaksanakaken saperlu damel lemahipun subur. Kahanan alam ingkang kados makaten dipun imbangi kaliyan manéka taneman alas ingkang saged dipunmanfaataken minangka tetedhan utaminipun buah-buahan. Masyarakat Bidayuh boten aasring sanget nedha sayur. Tetedhan saben dintenipun inggih punika sekul lan lawuh ingkang dipunolah piyambak, kanthi bumbu-bumbu khas dayak. Tetedhan punika dipundominasi kaliyan raos asin lan asem. Nalika mangsa buah, sapérangan ageng pakaryan ewah dados petani buah. Biasanipun buah ingkang dipunpetik saking alas dipunbekta wonten ing peken saperlu dipunsade. Suku DAyak Bidayuh sampun kenal arta kados dene masarakat ing Jawa.[2]

Agama[besut | besut sumber]

Mayoritas penduduk bidayuh ing Kalimantan Barat nganut agama Kristen Katolik, sisanipun inggih punika Kristen Protestan, nalika ing Sarawak kagungan cacah Protestan lan Katolik ingkang meh sami. Etnis Tionghoa ing mrika kathah- kathahipunsampun palakrama campur kaliyan penduduk asli.[5]

Lagu Laladan Dayak Bidayauh[besut | besut sumber]

Tari Dayak Bidayuh[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Catatan kaki[besut | besut sumber]

  1. ^ Bevis, William W. (1995). Borneo log: the struggle for Sarawak's forests. University of Washington Press. k. 152. ISBN 0295974168. ISBN 9780295974163
  2. ^ a b [1]
  3. ^ a b [2]
  4. ^ [3]
  5. ^ [4]