Wong Bèrbèr

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
wong Bèrbèr / wong Amasigèn
ⵉⵎⴰⵣⵉⵖⵏ / ⴰⵎⴰⵣⵉⵖ
الأمازيغ / البربر
Gunggung cacah jiwa
25.000.000[1] – 50.000.000[2][3][4][5]
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
 Marokofrom ≈ 13 yuta[3] nganti ≈ 20 yuta[6] Morocco's Berbers Battle to Keep From Losing Their Culture / Arab minority forces majority to abandon native language.Peter Prengaman, Chronicle Foreign Service.March 16, 2001 [1]</ref>[7] of the Moroccan population and from[8] to 15% to 35%[7][9] or 27,078,593[10]
 Aljazairsaka 9[3] nganti ≈ 13 yuta[7][11] utawa 32.320.000[12]
 Prancispunjul 2 yuta[13]
 Niger1.620.000[14]
 Mali850.000[15]
 Libya>3.850.000[16]
 Mauritania2.883.000 (2,768,000[17] & 115,000[18])
 Tunisia110.000[19] or >6.589.652[20]
 Burkina Faso50.000[21]
 Mesir34.000[22] or 1.826.580[23]
 Canada25.885[24]
 Israèl3.500[25]
Basa
basa Bèrbèr utawa Tamazight, katulis mawa aksara Tifinagh (basa asli);
Maghrebi Arabic dhialèk (antarané wong Bèrbèr angka Arabisasi)
Agama
Akèh-akèhé Islam (Sunni, Ibadi)
Minoritas Kristen,[26][27] Irrelijiyus
Golongan ètnik magepokan
other Afro-Asiatic peoples[28][29][30][31][32][33][34]

Wong Bèrbèr utawa wong Amasigèn (Bèrbèr: ⵉⵎⴰⵣⵉⵖⵏ Imaziɣen, singular: ⴰⵎⴰⵣⵉⵖ Amaziɣ/Amazigh; Arabic: البربر‎ ‎ Al-Barbar, الأمازيغ Amazigh) yaiku sawijining golongan étnis kang asliné saka Afrika Lor. Wong-wong iki sumebar ing wewengkon kang nyrambahi péranganing Samodra Atlantika tekan Oase Siwa ing Mesir, lan saka Sagara Tengah tekan Kali Niger. Ing sujarahé, wong-wong iki nyaturaké basa Bèrbèr, singa salé saka cawangé basa Bèrbèr saka kulawarga basa Afroasiatika. Awit panalukan Muslim Afrika Lor ing abad kapitu, wong Bèrbèr kanthi cacah akèh kang ndunungi wewengkon Maghribi éntuk sawenèh ngèlmu ngenani manéka warna basa kang ana ing Afrika Lor. Sawisé kolonialisasi Afrika Lor déning Prancis, "Pamaréntah Prancis kasil ngaworaké basa Prancis ing Aljazair kanthi ngukuhaké basa Prancis minangka basa nasional kang resmi lan nguwajibaké kabèh pandhidhikan dilakokaké ana ing Prancis."[35] Basa asing, mligi basa Prancis lan sawenèh basa Spanyol, katurunaké saka kolonial Éropah, digunakaké déning wong Bèrbèr kang pinter ing Aljazair lan Maroko ing sawenèh kontèks formal, kaya déne pandhidhikan kang luwih dhuwur utawa bisnis.

Ing dina iki, akèh-akèhé wong Bèrbèr dedunung ana ing nagara-nagara ing Afrika Lor, mligi ing Aljazair lan Maroko;[1] sawenèh cacah jiwa wong Bèrbèr uga tinemu manggon ana ing Niger, Mali, Libya, Mauritania, Tunisia, Burkina Faso lan Mesir, uga brayan-brayan imigran kang akèh tinemu ing Prancis, Kanada, Bèlgi, Walanda, Jerman, lan ing nagara-nagara Éropah liya.[36][37]

Mayoritas wong Bèrbèr nganut agama Islam Sunni.[38] Jati dhiriné wong Bèrbèr lumrahé ngluwihi bab basa lan étnisitas, lan nyakup kabèh bab sujarah lan géografisé Afrika Lor. Wong Bèrbèr dudu sawijining étnis kang homogén kabèh, wong-wong iki uga nyakup sawenèh bab fenotipé, masarakat lan leluri. Bab kang manunggalaké wong Bèrbèr bokmenawa basa kang padha, utawa sawenèh jati dhiri ngenani bab pituwah lan sujarahé wong Bèrbèr.

Ana sawenèh selawé tekan telungpuluh yuta wong kang nyaturaké basa Bèrbèr ing Afrika Lor.[1] Cacahé wong étnis Bèrbèr (kalebu kang dudu panutur basa Bèrbèr) luwih akèh, amarga akèh wong Bèrbèr kang wis nyinaoni basa-basa liya ing sawenèh pangajaran sasuwéné dhékade utawa abad, lan ing dina iki uwis ora nyaturaké basa Bèrbèr manèh. Mayoritas cacah jiwané wong Afrika Lor dipitaya yèn asliné iku wong Bèrbèr, sanajan amarga anané Arabisasi akèh wong étnis Bèrbèr kang nganggep dhiriné minangka wong Bèrbèr kang angka Arabisasi.[8][39]

Wong Bèrbèr ngarani dhiriné mawa sawenèh warna saka tembung i-Mazigh-en (tunggalé: a-Mazigh), kang ngemu teges "wong swatantra" utawa "wong kang luhunh".[36] Jeneng iku bokmenawa nduwé gegayutan kuna marang jeneng abasa Roman lan Yunani, "Mazices".[40] Sawenèh wong Bèrbèr kuna kang kondhang yaiku Numidian ratuné Masinissa, ratu Jugurtha, panganggit Bèrbèr-Roman Apuleius, Santo Agustinus saka Hippo, lan jéndral Bèrbèr-Roman yaiku Lusius Quietus, kang nduwé dhapukan kang gatèn ing ngatasi pamrontakan gedhé-gedhénan déning wong Yahudi  ing115–117. Dihya utawa Kahina iku sawijining pandhéga Bèrbèr wanita ing babagan militèr lan agama kang mandhéga wong Bèrbèr nglawan ambahing wong Arab-Muslim ing Afrika Lor-Kulon. Kusaila iku wong lanang abad kapitu lan pandhéga suku Awraba ing brayat agung Bèrbèr lan Ratu Sarékat Sanhadja.

Wong Bèrbèr kang kondhang ing sadawaning sujarah kalebu Yusuf ibnu Tashfin, ratuning Bèrbèr kakaisaran Almoravid; Tariq ibnu Ziyad jéndral kang nelukaké Hispania; Abbas Ibnu Firnas, sawijining panemu lan panggagas ing bab aviasi; Ibnu Battuta, sawijining panjlajah tengahan kang uwis njlajah adoh banget ing jamané.

Dhiaspora[besut | besut sumber]

Bèrbèr ngadegaké brayan agung ing Mauritania[41] sacedhaké kutha krajan kakaisarané Malia, yaiku Timbuktu.[42] Ing taun 2004 ana watara 2,2 yuta imigran Bèrbèr ing Éuropah, mligi wong Riffian ing Bèlgi, Walanda lan Prancis sarta wong Aljazair saka Kabyles lan pituwahing Chaouis ing Prancis.[43]

Basa[besut | besut sumber]

Wewengkon ing Afrika Lor papan basa Bèrbèr dicaturaké

Basa Bèrbèr minangka cawang Kulawarga basa Afroasiatika, lan turuné saka basa proto-Afroasiatika.                        Cawang kulawarga basa Afro-Asiatik kang kèri dhéwé misah saka basa Bèrbèr isih dadi rembug tekan sapréné, nanging akèh ahli basa kang sarujuk yèn kuwi basa Mesir[44] utawa basa Chadic (deleng Kulawarga basa Afroasiatika.)

Basa Bèrbèr dituturaké déning udakara telungpuluh nganti patangpuluh yuta wong ing Afrika (deleng murwatan cacah jiwa). Panutur basa Bèrbèr iki akèh-akèhé ana ing Maroko lan Aljazair, banjur Mali, Niger lan Libya. Brayan panutur basa Bèrbèr kang luwih cilik uga tinemu ana ing Mesir wétan kang paling adoh, kanthi wates Kidul-Wétan ing Burkina Faso.

Basa Bèrbèr dumadi manéka warna basa kang caket gegandhèngané. Ing antarané idiom-idiom iki yaiku Riff, Kabyle, Shilha, Siwa, Zenaga, Sanhaja, Tazayit (Atlas Tamazight Tengah), Tumẓabt (Mozabite), lan Tamasheq, sarta uga basa Guanche kuna. Tamazight yaiku jeneng umum kanggo kabèh basa Bèrbèr.

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. a b c "North Africa's Berbers get boost from Arab Spring". Fox News. 5 May 2012. Dibukak ing 8 December 2013.
  2. Tej K. Bhatia, William C. Ritchie (2006). The Handbook of Bilingualism. John Wiley & Sons. kc. 860. ISBN 0631227350. Dibukak ing 19 July 2016.{{cite book}}: CS1 maint: uses authors parameter (link)
  3. a b c "Berber people". Dibukak ing 2016-08-17.
  4. Native Peoples of the World: An Encyclopedia, Ed. Steven, L. Danver, M.E. Sharpe/Mesa Verde Publishing, 2013, p.23
  5. https://www.temehu.com/imazighen/berbers.htm
  6. "Berber - Minority Rights". Minority Rights.
  7. a b c "Les Berbères en Afrique du Nord".
  8. a b "The World Factbook" Archived 2018-11-16 at the Wayback Machine.. 
  9. Teens in Morocco,Sandy Donovan,Compass point books,Minneapolis,United States,2008,p.42
  10. Tej K. Bhatia, William C. Ritchie (2006). The Handbook of Bilingualism. John Wiley & Sons. kc. 860. ISBN 0631227350. Dibukak ing 19 July 2016.{{cite book}}: CS1 maint: uses authors parameter (link); 80% of population
  11. "Algeria reinstates term limit and recognises Berber language". BBC News.
  12. Tej K. Bhatia, William C. Ritchie (2006). The Handbook of Bilingualism. John Wiley & Sons. kc. 860. ISBN 0631227350. Dibukak ing 16 July 2016.{{cite book}}: CS1 maint: uses authors parameter (link); 80% of population
  13. "Archive copy". Diarsip saka asliné ing 2013-10-05. Dibukak ing 2013-10-05.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  14. "The World Factbook". Diarsip saka sing asli ing 2020-04-24. Dibukak ing 2016-09-11.
  15. "The World Factbook". Diarsip saka sing asli ing 2015-11-10. Dibukak ing 2016-09-11.
  16. Tej K. Bhatia, William C. Ritchie (2006). The Handbook of Bilingualism. John Wiley & Sons. kc. 860. ISBN 0631227350. Dibukak ing 16 July 2016.{{cite book}}: CS1 maint: uses authors parameter (link); >60% of population of 6,416,776
  17. Scholastic Library Publishing (2005). Lands and Peoples: Africa. Grolier. kc. 135. ISBN 0717280241. Dibukak ing 17 August 2016.; Moors 80% of population of 3.460.000
  18. Joshua Project. "Tuareg, Tamasheq in Mauritania".
  19. "The World Factbook". Diarsip saka sing asli ing 2012-10-14. Dibukak ing 2016-09-11.
  20. Tej K. Bhatia, William C. Ritchie (2006). The Handbook of Bilingualism. John Wiley & Sons. kc. 860. ISBN 0631227350. Dibukak ing 16 July 2016.{{cite book}}: CS1 maint: uses authors parameter (link); >60% of population
  21. Joshua Project. "Tuareg, Tamasheq in Burkina Faso".
  22. Joshua Project. "Berber, Siwa in Egypt".
  23. Tej K. Bhatia, William C. Ritchie (2006). The Handbook of Bilingualism. John Wiley & Sons. kc. 860. ISBN 0631227350. Dibukak ing 16 July 2016.{{cite book}}: CS1 maint: uses authors parameter (link)
  24. Statistics Canada: 2011 National Household Survey: Data tables
  25. Shokeid, Moshe. The Dual Heritage: Immigrants from the Atlas Mountains in an Israeli Village.
  26. "Believers in Christ from a Muslim Background: A Global Census | Duane A Miller Botero - Academia.edu". academia.edu. Dibukak ing 27 March 2016.
  27. *(ing basa Prancis) Sadek Lekdja, Christianity in Kabylie, Radio France Internationale, 7 mai 2001 Archived 2017-10-18 at the Wayback Machine.
  28. Blench, Roger. Archaeology, Language, and the African Past. Rowman: Altamira, 2006 ISBN 9780759104662
  29. Diakonoff, Igor. The Earliest Semitic Society: Linguistic Data. Journal of Semitic Studies, Vol. 43 Iss. 2 (1998).
  30. Shirai, Noriyuki. The Archaeology of the First Farmer-Herders in Egypt: New Insights into the Fayum Epipalaeolithic and Neolithic. Leiden University Press, 2010. ISBN 9789087280796.
  31. Blench R (2006) Archaeology, Language, and the African Past, Rowman Altamira, ISBN 0-7591-0466-2, ISBN 978-0-7591-0466-2, books.google.be/books?id=esFy3Po57A8C
  32. Ehret C, Keita SOY, Newman P (2004) The Origins of Afroasiatic a response to Diamond and Bellwood (2003) in the Letters of SCIENCE 306, no. 5702, p. 1680 doi:10.1126/science.306.5702.1680c
  33. Bender ML (1997), Upside Down Afrasian, Afrikanistische Arbeitspapiere 50, pp. 19-34
  34. Militarev A (2005) Once more about glottochronology and comparative method: the Omotic-Afrasian case, Аспекты компаративистики - 1 (Aspects of comparative linguistics - 1). FS S. Starostin. Orientalia et Classica II (Moscow), p. 339-408. http://starling.rinet.ru/Texts/fleming.pdf
  35. Briggs, Carina Lynn (2010).
  36. a b Morocco's Berbers Battle to Keep From Losing Their Culture.
  37. Berbers: The Proud Raiders.
  38. https://www.britannica.com/topic/Berber
  39. Tore Kjeilen.
  40. Lipiński, Edward (2001).
  41. "Historical Dictionaries: North Africa".
  42. David Prescott Barrows (2004).
  43. Pour une histoire sociale du berbèRe en France Archived 2012-11-12 at the Wayback Machine., Les Actes du Colloque Paris – Inalco, octobre 2004
  44. "Berber".