Menyang kontèn

Wisma Merapi Indah I

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wisma Merapi Indah I

Wisma Merapi Indah I yaiku situs cagar budaya arupa wisma kang papanné ana ing Jalan Kaliurang Barat, RT 08/RW 19, Kalurahan Hargobinangun, Kapanewon Pakem, Kabupatèn Sléman, Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta. Wisma iki arsitekture campuran gaya lokal kanthi pengaruh Indis saengga kerep diistilahaké jèngki. Bahan kanggo gawé témbok bangunané saka pasangan watu belah èkspos.[1]

Ing taun 1948, bangunan iki tau dianggo nginep prèsidhèn Soekarno ing acara Konferensi Tiga Negara (KTN). Wisma iki dituku karo H. Digdo Sudarmo (NV Baker) ing taun 1946 lan diwarisaké marang anaké. Bangunan iki kawit diadegaké nganti saiki dianggo minangka wisma utawa penginapan.[1]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 "Wisma Merapi Indah I , Sleman – Balai Pelestarian Cagar Budaya Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2025-05-17.