Menyang kontèn

Wisma Kedaulatan Rakyat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wisma Kedaulatan Rakyat (3)

Rumah Indis Wisma Kedaulatan Rakyat (KR), yaiku bangunan sing model Indis[1]. Punika salah satunggaling griya sejarah ingkang mapan ing wewengkon Kaliurang, Kalurahan Hargobinangun, Kapanewon Pakem, Kabupaten Sléman, Daerah Istimewa Yogyakarta. Griya punika kalebet daftar cagar budaya Kabupaten Sléman, saha gadhah nilai sajarah tuwin arsitektual ingkang wigati.

Sujarah

[besut | besut sumber]

Yogyakarta mboten namung kutha kabudayan mawon, ananging ugi dados kunci sajarahing Indonesia. Ukara "Yogyakarta punika kunci Indonesia" mboten namung dados guneman. Wiwit jaman kamardikan, kutha punika dados pusat pamaréntahan nalika Jakarta dipunjajah déning Walanda. Ing taun 1946 ngantos 1949, Yogyakarta dipundadosaken ibu kutha Républik Indonesia. Bung Karno makarya wonten ing Gedhong Agung, déné Bung Hatta ing Istana Ngupasan (sakniki dados Makorem 072/Pamungkas). Kabéh punika saged kadadosan amargi katulusan lan kawelasanipun Sri Sultan Hamengku Buwono IX, ingkang mbikak lebet kraton kanggé republik eném ingkang nem ngadeg punika. [2]

Sanadyan pusat perjuangan wonten ing tengah kutha, Kabupatèn Sléman ingkang mapan antawisipun dataran ngantos lereng Gunung Merapi ugi gadhah peran wigati. Sléman dados bentèng, papan perlindungan, lan papan diplomasi. Akeh tetenger, tugu, lan situs sajarah ingkang taksih jejeg nganti sapunika, mawujudaken saksi bisu perjuangan bangsa, salah satunggaling inggih punika Wisma Kaliurang, ingkang dumunung wonten ing lerèng Merapi.

Wisma punika wiwit dipunbangun ing wiwitan abad kaping 20 déning tiyang éropa kagem papan sesandhingan lan rekreasi para pangarsa kebun Belanda. Arsitekipun nyandak model Indis, inggih punika campuran kaliyan gaya éropa lan lokal. Wisma Kedaulatan Rakyat ugi nate dados pérangan sajarah kamardikan Indonesia. Nalika masa perjuangan kamardikan kamardikan, wewengkon Kaliurang dados papan rembugan antarane Républik Indonesia kaliyan Komisi Tiga Negara (KTN) ing tanggal 13 Januari 1948. Sanajan boten kasebat kanthi cetha bilih Wisma KR punika papan rembugan kasebut, ananging ananipun bangunan kados mekaten nduduhaké yèn Kalirang punika panggonan strategis nalika semana[3].

Aktipitas

[besut | besut sumber]

Wisma Kedaulatan Rakyat sampun kaserat dados cagar budaya déning pamaréntah Kabupaten Sléman. Panetapan punika minangka kanggé nglêstantunaken bangunan sajarah ingkang gadhah budaya saha arsitektual, lan ndukung pendidikan sajarah tumrap masyarakat utaminipun generasi enèm. Dumugi punika, Wisma Kedaulatan Rakyat taksih dipunginakaken kanggé warna-warni kagiyatan, kados ta sarasehan, pawiyatan, lan acara sosial. Contonipun, ing sasi September 2019, Karang Taruna Mekar Jala Arga saking Dukuh Tamanan, Banguntapan nganakake sarasehan lan rapat pagaweyan wonten ing papan punika.[4]

Kahanan

[besut | besut sumber]

Wisma Kedaulatan Rakyat ing Kaliurang, ingkang sampun dados cagar budaya wiwit 8 Januari 2020, sakmenika nembé ngadhepi kahanan fisik ingkang mbutuhake perawatan lan pelestarian. Wonten sisih bangunan, kados plafon lan jobin, sampun rusak, lapuk, lan kathah tandha-tandha rembesan. Jobin ing aula utama sampun dipun-gantos, dene ruang dhahar taksih migunakaken tegel asli.

Struktur asli bangunan kados jendhela, ventilasi, kusen kayu, lan atap limasan taksih lestari, nanging interior gadhah kathah sisih ingkang sampun boten layak pigunane. Tim saking Balai Pelestarian Cagar Budaya (BPCB) DIY sampun nate nindakaken survei teknis lan nyaranake supaya rembesan dibenerke, plafon dipugar, lan perawatan kayu dipunlaksanakaken kanthi rutin.

Sakabèhé, Wisma punika taksih jejeg lan gadhah sajarah ingkang ageng, nanging diperlukake langkah pelestarian supados tetep saged dados pangeling-eling perjuangan bangsa.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Wisma Kedaulatan Rakyat". Dibukak ing 2025-05-27.[pranala mati permanèn]
  2. "Sejarah Wisma Kaliurang". Dibukak ing 2025-06-09.[pranala mati permanèn]
  3. "Perundingan Kalih Komisi Tiga Negara ing Kaliurang". Dibukak ing 2025-05-27.
  4. "Sarasehan lan Rapat Pagaweyan Wisma KR Kaliurang". Dibukak ing 2025-05-27.