Wisma Kaliurang

Wisma Kaliurang (Carakan: ꦮꦶꦱ꧀ꦩꦏꦭꦶꦲꦸꦫꦁ) ya iku situs cagar budaya arupa wisma kang mapan ana ing Jalan Astorenggo No. 1, Padhukuhan Kaliurang Timur, Kalurahan Hargobinangun, Kapanewon Pakem, Kabupatèn Sléman, Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta. Wisma Kaliurang iku biyené salah sijining hotèl modhèren kang jenengé Hotèl Leh Meyer. Wisma iki diadegaké ing taun 1931 dèning pengusaha saka tlatah Jerman kang diarani Tuan Leh Meyer. Leh Meyer manggon ana dhaérah iki nganti taun 1940. Ing masa panjajahan Jepang, hotél iki kapeksa ditinggal Leh Meyer.[1]
Ing taun 1948, Hotél Leh Meyer ganti jeneng dadi Hotél Kaliurang. Wisma iki dikelola dening Pamaréntah Kota Ngayogyakarta ing 1985. Sawisé pindhah marang Samuel Sugito, wisma iki ganti jeneng dadi Wisma Kaliurang.[1]
Bangunan-bangunan Wisma Kaliurang nduwèni gaya arsitektur Indis. Ciri-ciri elemen Éropa kétok ana ing lampu, pondasi saka watu kali, lan tembok kang konstruksiné jinis bearing wall saka bahan bata. Déné ciri-ciri lokal bisa diarani ing gendhèng limasan, jendhéla kang amba, lan tembok sisi njaba dilapisi watu kali.[1]
Gladri
[besut | besut sumber]Rujukan
[besut | besut sumber]- 1 2 3 "Wisma Kaliurang". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-05-17.