Wiracarita Gilgamesh
Wiracarita Gilgamesh (/ˈɡɪlɡəmɛʃ/)[1] inggih punika satunggaling wiracarita saking Mesopotamia kina. Sujarah sastra ngenani Gilgamesh kawiwitan saking gangsal sajak Sumeria babagan Gilgamesh (variasi asma "Bilgames" nate dipunanggep minangka wujud Sumeria ingkang langkung sepuh[2]), raja saking Uruk, ingkang sawetawis sajak kasebat mbokmenawi sampun wonten wiwit jaman Dinasti Katiga Ur (u. 2100 SM).[3] Cariyos-cariyos ingkang madeg piyambak punika salajengipun dipun-ginakaken minangka sumber bahan kanggé wiracarita ingkang dipunpadhukaken wonten ing Akkadia. Vèrsi sepisanan saking wiracarita padhukan punika ingkang taksih lestari, dipunwastani vèrsi "Babil Kina", asalipun saking abad kaping-18 SM lan dipunparingi irah-irahan miturut incipitipun, Shūtur eli sharrī ("Nglangkungi Sedaya Raja Sanèsipun"). Namung sawetawis lempengan ingkang taksih saged dipunpanggihaken. Vèrsi Babil Baku ingkang langkung énggal, ingkang dipunsusun déning Sîn-lēqi-unninni, asalipun saking antawisipun abad kaping-13 dumugi abad kaping-10 SM lan mawa incipit Sha naqba īmuru[note 1] ("Piyambakipun Ingkang Sumerep Kedaling Jero", kanthi harfiah "Piyambakipun Ingkang Sumerep Babagan Ingkang Boten Dipunmangertosi"). Kirang langkung kalih pratelon saking vèrsi rolas lempengan punika sampun saged dipunpanggihaken malih. Sawetawis salinan ingkang saé piyambak dipunpanggihaken wonten ing reruntuhan kapustakan saking abad kaping-7 SM gadhahipun Raja Asyur Ashurbanipal.
Pérangan sepisanan saking cariyos punika ngrembag babagan Gilgamesh, raja Uruk, lan Enkidu, satunggaling manungsa wana ingkang dipunripta déning para déwa kanggé nyapih Gilgamesh supados boten nindhes rakyatipun. Sasampunipun Enkidu dados manungsa beradab miyos upacara inisiasi karesmèn kaliyan Shamhat, piyambakipun tindak dhumateng Uruk, ing pundi piyambakipun nantang Gilgamesh kanggé ngadu kasantosan. Gilgamesh menang wonten ing sayembara kasebat; nanging senadyan makaten, kekalihipun lajeng dados kanca raket. Sesarengan, tiyang kalih punika nindakaken lelampahan nem dinten dhumateng Wana Aras ingkang legendaris, ing pundi pungkasanipun saged mrejaya panjaginipun, Humbaba, lan negor wit Aras ingkang suci.[5] Dèwi Ishtar ngutus Lembu Swarga kanggé niksa Gilgamesh amargi sampun nampik katresnanipun. Gilgamesh lan Enkidu mrejaya lembu kasebat, sinambi ngasoraken Ishtar. Para déwa lajeng mutusaken kanggé paring paukuman pejah dhumateng Enkidu kanthi paring sesakit ingkang mbebayani.
Wonten ing pérangan kaping kalih wiracarita punika, raos sedhih amargi sédanipun Enkidu njalari Gilgamesh nindakaken lelampahan ingkang tebih lan mbebayani kanggé madosi wewadi babagan gesang langgeng. Pungkasanipun, piyambakipun pepanggihan kaliyan Utnapishtim lan garwanipun, siji-sijining manungsa ingkang slamet saking Banjir Bandhang ingkang dipun-tuwuhaken déning para déwa (bd. Athra-Hasis). Gilgamesh pikantuk piwulang saking piyambakipun bilih "Gesang, ingkang sira udi, boten bakal sira panggihaken. Amargi nalika para déwa nyipta manungsa, pati dipun-dadosaken pandumanipun, lan gesang dipun-cekel wonten ing tanganipun para déwa piyambak".[6][7]
Wiracarita punika dipunanggep minangka karya dhasar wonten ing agami lan tradhisi cariyos kepahlawanan, kanthi Gilgamesh minangka purwarupa kanggé pahlawan-pahlawan salajengipun kados ta Herakles (Hercules) lan wiracarita punika piyambak paring pangaribawa dhumateng Wiracarita Homeros.[8] Karya punika sampun dipunterjemahaken dhateng manéka basa lan kapacak wonten ing sawetawis karya fiksi populer.
Cathetan
[besut | besut sumber]Referènsi
[besut | besut sumber]- ↑ "Gilgamesh" Archived 13 April 2019 at the Wayback Machine.. Kamus Random House Webster's Unabridged.
- ↑ Rubio, Gonzalo (January 2012). "Reading Sumerian Names, II: Gilgameš". Journal of Cuneiform Studies (ing basa Inggris). 64 (1): 3–16, 8–9. doi:10.5615/jcunestud.64.0003. ISSN 0022-0256.
- 1 2 Brandão 2020, kc. 23.
- ↑ Lins Brandão 2019, kc. 21.
- ↑ Krstovic, Jelena O., èd. (2005). Epic of Gilgamesh Classical and Medieval Literature Criticism. Vol. 74. Detroit, MI: Gale. ISBN 978-0-7876-8021-3. OCLC 644697404.
- ↑ Thrower, James (1980). The Alternative Tradition: A Study of Unbelief in the Ancient World. The Hague, The Netherlands: Mouton Publishers.
- ↑ Frankfort, Henri (1974) [1949]. "Chapter VII: Mesopotamia: The Good Life". Before Philosophy: The Intellectual Adventure of Ancient Man, an essay on speculative thought in the ancient near East. Penguin. kc. 226. OCLC 225040700.
- ↑ Temple, Robert (1991). He who saw everything: a verse translation of the Epic of Gilgamesh. Random Century Group Ltd. kc. viii–ix. ISBN 978-0-7126-4798-4.