Wildata
Wildata iku garudha yaksa titihane (tunggangane) Raden Gathutkaca, satriya ing Pringgadani. Wujude yaksa (buta) mawa lar. Mripate belis (kaya mripat plelengan, cacahe loro), tutuke ngablak, irunge nyanthik palwa. Salah siji tangane nyekel pedhang kang landhepe pitung penyukur.
Mula-mulané Wildata
[besut | besut sumber]Wildata turune Garudha Brihawan. Garudha Brihawan iku ratuning manuk titihane Bathara Wisnu. Wildata duwe adhi, jenenge Wilmuna.
Wildata lan Wilmuna maune wujud manungsa lumrah, bagus rupane. Wildata lan Wilmuna dadi garudha yaksa amarga kena supatane Prabu Bomantara, duk nalika dadi srayaning dewa, lumawan Prabu Bomantara.
Wirang nyawang wujude kang nggegilani, banjur padha mbangunake tapa ing alas Kendhalirasa. Pamrihe supaya bisa pulih wujude kaya maune. Upama ora bisa pulih, saora-orane dadi garudha digdaya.
Impèn kang njalari perkara
[besut | besut sumber]Sawijining dina Wildata ngimpi dhaup karo Dewi Wara Sumbadra, putri Mandura putrane Prabu Basudéwa. Senadyan putri sulistya ing warna, Sumbadra katon tresna banget karo Wildata.
Wilmuna ngejori. Dheweke uga ngimpi nggarwa Dewi Wara Sumbadra. Sulayaning rembug dadi pasulayan lan tarung mati-matian. Mung perkara impen sepele, njalari ilang tabeting kekadangan. Wilmuna kalah mungsuh kakange. Ragane kumleyang ing awang-awang, lan tumiba ing sangarepe Raden Sitija; kang disraya dewa supaya nyirnakake Prabu Bomantara.
Wilmuna banjur nyuwun tulung marang Raden Sitija supaya kersa mateni Wildata. Raden Sitija kersa tumandang, nanging Wilmuna kudu gelem dadi titihane. Wilmuna nyaguhi. Raden Sitija banjur nemoni Wildata. Dadi perang rame. Wildata kalah. Ragane kabuncang, tiba ing sangarepe Raden Gathutkaca.
Wildata didangu apa sababe nganti tumiba ing ngarepe Raden Gathutkaca. Wildata matur yen mentas pancakara mungsuh adhine sing jeneng Wilmuna. Wilmuna kalah banjur mintasraya Raden Sitija. Wildata banjur perang mungsuh Raden Sitija. Wildata kalah, banjur dibuwang, satemah tumiba ing sangarepe Raden Gathutkaca. Wildata mintasraya marang Raden Gathutkaca supaya kersa mateni Wilmuna apadene Raden Sitija.
Raden Gathutkaca kersa nuruti panyuwune Wildata, nanging ana syarate: 1) Wildata ora kena ngucap ngrasani Dewi Wara Sumbadra, awit Sang Dewi wis dadi pacangane Raden Permadi, 2) Wildata kudu gelem dadi titihane Raden Gathutkaca.
Pamundhute Raden Gathutkaca disaguhi. Raden Gathutkaca banjur methukake Raden Sitija, dadi perang tandhing. Wekasane perange Gathutkaca lan Sitija dipisah dening Prabu Kresna.
Kapethik Saking
[besut | besut sumber]Mulyantara.2019.Majalah Jaka Lodhang (cover Tokoh Wayang). Yogyakarta: Jaka Lodhang Press