Wikipedia:Dudu riset asli

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Symbol OK.svg

Kaca puniki arupi kawicaksanan resmi ing Wikipedia basa Jawi. Isinipun sampun katampi déning para panganggé lan dipunanggep dados standar ingkang kedah dipunturuti déning sedaya panganggé.
Sakdèrèngipun nyunting kaca puniki, pesthèkaken suntingan panjenengan nggambaraken konsènsus. Mangga nganggé kaca dhiskusi kanggé ngusulaken éwah-éwahan.

Nutshell.png

Ringkesan isi:

  • Wikipedia ora mublikasi pamikiran asli: kabèh isi Wikipedia kudu ngarujuk marang sawijining sumber sing wis kapublikasi lan pinercaya.
  • Artikel ora éntuk ngandhut sawijining analisis utawa sintesis anyar saka bahan kapublikasi sing angkahé kanggo ndhukung panemu sing ora sacara jelas didhukung déning sumber.


Riset asli iku istilah sing dipigunakaké ing Wikipedia kanggo ngarujuk marang materi sing durung tau dipublikasi déning sumber pinercaya. Iki nyakup fakta, argumentasi, konsèp, pratélan utawa téori sing durung dipublikasi, utawa analisa, utawa sintesa sing durung dipublikasi saka materi-materi publikasi sing dipigunakaké kanggo ndhukung sawijining panemu utawa sing, jroning basa salah siji pendhiri Wikipedia, Jimmy Wales, bakal mènèhi "wacana utawa interpretasi sajarah anyar."

Wikipedia dudu papan kanggo riset asli. Ngutip sumber lan ngédhani riset asli iku gegandhèngan banget. Siji-sijiné cara kanggo nuduhaké yèn panjenengan ora nglakoni riset asli yaiku kanthi ngutip sumber pinercaya sing mènèhi informasi sing kagandhèng langsung karo topik artikel, lan ngugemi marang apa sing diandaraké déning sumber kasebut.

Wikipedia:Dudu riset asli yaiku salah siji saka telu kawicaksanan isi. Loro sing liyané yaiku Wikipedia:Cara deleng netral lan Wikipedia:Pamesthèn. Katelu kawicaksanan iki sacara bebarengan nemtokaké tipe lan kualitas bahan sing bisa ditampa ing ruang jeneng utama. Amarga katelu kawicaksanan iki saling komplemènter, mula ora olèh diinterpretasi tanpa digandhèngaké antara siji lan sijiné, lan mula saka kuwi para panyunting kudu nyoba kanggo ngenal prinsip-prinsip iki. Katelu kawicaksanan iki ora bisa dinegosiasèkaké ing Wikipedia basa Jawa lan ora bisa dibatalaké déning kawicaksanan utawa pedoman liya, utawa déning konsensus para panyunting.

Sumber primèr lan sekundhèr

Sumber primèr nyajèkaké informasi utawa data, kaya

  • artifak arkeologis
  • foto
  • dokumen historis kaya catatan harian, sensus, video utawa transkrip pengawasan, dengar pendapat, pengadilan, utawa wawancara
  • tabulasi hasil survei utawa kuesionèr
  • catatan tinulis utawa karekam saka pangujian laboratorium
  • catatan tinulis utawa karekam saka pengamatan lapangan
  • karya seni utawa fiksi kaya puisi, prosa, naskah film, novel, film, video, lan program televisi (jroning format digital utawa analog)

Sumber sekundhèr nyajèkaké generalisasi, analisa, sintesa, interpretasi, panjelasan utawa evaluasi informasi utawa data saka sumber-sumber liya.

Riset sing nyajèkaké sumber primèr ora diizinaké. Kabèh artikel ing Wikipedia kudu adhedhasar marang informasi sing dikumpulké saka sumber-sumber primèr lan sekundhèr sing wis dipublikasi. Iki dudu "riset asli", ananging "riset miturut sumber", lan minangka prinsip wigati jroning nulis ensiklopedia. Artikel sing ditulis utamané miturut sumber sekundhèr luwih dipilih tinimbang artikel sing utamané mawa sumber saka sumber primèr.

Senadyan sebagéan gedhé artikel kudu miturut marang sumber sekundhèr, ana sawetara kasus sawijining artikel bisa kabèh gumantung marang sumber primèr (contoné sawijining artikel aktualitas utawa kasus pengadilan). Sawiji artikel utawa bagéan saka artikel sing nglandhesaké marang sumber primèr kudu (1) mung gawé pratélan deskriptif sing kaakuratané bisa kanthi gampang diverifikasi déning wong diwasa sing duwé pikiran waras tanpa kawruh spésifik, lan (2) ora gawé pratélan analitis, sintetis, interpretatif, panjelasan, utawa evaluatif. Kontributor sing nglandhesaké kabèh artikel marang sumber-sumber primèr kudu ati-ati banget kanggo matuhi kaloro prinsip ing dhuwur.

Artikel Wikipedia nyajèkaké materi adhedhasar prinsip pamesthèn, dudu ‘’kebenaran’’. Tegesé, kita nulis apa sing wis dipublikasi déning sumber pinercaya liya, ora peduli apa kita nganggep yèn bahan kasebut tepat utawa ora. Kanggo ngédhani nglakoni riset asli, lan kanggo nulung ningkataké kualitas artikel-artikel Wikipedia, wigati tumrap materi-materi sumber primèr, lan uga generalisasi, analisa, sintesa, interpretasi, utawa evaluasi marang informasi utawa data, wis dipublikasi déning pihak katelu sing nduwèni reputasi apik (yaiku, dudu dibabar dhéwé) sing sumadya kanggo pamaca liwat situs web (saliyané Wikipedia) utawa liwat perpustakaan umum. Wigati uga kanggo ngutip sumber kanthi bener, saéngga para pamaca bisa nemokaké sumber artikel panjenengan lan bisa ngyakinaké dhiri yèn Wikipedia wis migunakaké sumber-sumber kasebut kanthi tepat.

Ing sawetara kasus, manawa kedadéyan kontroversi utawa perdhébatan ngenani apa sing bisa didadèkaké otoritas utawa sumber sing layak. Yèn ora bisa digayuh sawijining kasepakatan ngenani bab iki, artikel kasebut kudu mènèhi informasi ngenani kontroversi kasebut lan katrangan saka sawetara sumber. Bab kasebut uga nulung kanggo ngyakinaké cara deleng netral sawijining artikel.

Apa sing ora bisa ditampa

Sawijining suntingan klebu riset asli yèn suntingan kasebut ngajokaké idé utawa argumèn. Yaiku, yèn suntingan kasebut mènèhi bab-bab ing ngisor:

  • ngenalaké téori utawa metode solusi;
  • ngenalaké ide orisinil;
  • ndhéfinisi terminologi anyar;
  • nyadiakaké definisi anyar saka terminologi sing wis ana;
  • ngenalaké sawijining argumèn, tanpa ngutip sumber pinercaya kanggo argumèn kasebut, sing nyangkal utawa ndhukung idé, téori, argumentasi, utawa kaberpihakan liya;
  • ngenalaké sawijining analisa utawa sintesa fakta, ide, opini, utawa argumèn sing ana kanthi sawijining cara sing mbangun dhukungan marang sawijining cara deleng sing disenengi déning sang panyunting, tanpa nglandhasi analisa utawa sintesa kasebut ing sumber pinercaya;
  • ngenalaké utawa migunakaké neologisme, tanpa nglandhasi bab kasebut marang sumber pinercaya.

Kanyatan yèn kita ora bisa masang bahan mau ora ateges yèn bahan kasebut èlèk, ananging mung ateges yèn Wikipedia dudu papan sing tepat kanggo iku. Kita malah bisa nulak jurnalisme satingkat Pulitzer lan ilmu satingkat Nobel yèn panulisé ngupaya kanggo publikasi kanggo sing sapisanan ing Wikipedia. Yèn panjenengan nduwèni sawijining pemikiran sing miturut panjenengan kudu dadi bagéan saka badan kawruh sing ana ing Wikipedia, pendhekatan sing apik yaiku ngatur supaya karya panjenengan bisa dipublikasi luwih dhisik ing jurnal-jurnal ilmiah utawa kantor berita pinercaya, nembé sabanjuré mendokumentasikan karya panjenengan sacara sapantesé, tanpa mihak, ing Wikipedia.

Kenapa riset asli ora bisa ditampa

Alasan utama kawicaksanan nulak riset asli yaiku kanggo ngéndhani wong-wong kanthi téori pribadi, sing ngupaya kanggo migunakaké Wikipedia kanggo narik kawigatèn marang idé lan dhiriné.

Senadyan mangkono, kawicaksanan iki nyakup bab-bab luwih jembar saka iku. Kawicaksanan iki uga nglirwakaké pandhangan pribadi panyunting, opini pulitik, analisa pribadi utawa interpretasi marang matèri publikasi, lan uga sintésa durung kapublikasi saka matèri sing wis dipublikasi, ing ngendi sintésa kasebut katoné ngusaya ndhukung sawijining pandangan utawa opini sing diduwèni panyunting, utawa kanggo ndhukung sawijining argumèn utawa dhéfinisi sing manawa ngupaya diajokaké. Cekaké, kabèh fakta, opini, interpretasi, dhéfinisi, lan argumèn sing dipublikasi déning Wikipedia kudu wis dipublikasi déning publikasi pinercaya ing bidhang topik artikel sing magepokan.

Yèn dipatrapaké marang kabèh kontributor, kawicaksanan iki nulung kanggo mempertahankan reputasi kita liwat sawetara cara:

  1. Arupa tanggung jawab Wikipedia marang pamacané yèn kabèh informasi sing diwaca ing kéné bisa dipercaya, saéngga kita kudu mawa landhesan marang sumber-sumber publikasi sing pinercaya.
  2. Sumber-sumber pinercaya nyadiakaké para pamaca kanthi rujukan sing bisa dipigunakaké kanggo nglakoni riset dhéwé. Ana waé wong-wong sing migunakaké ensiklopedia minangka langkah riset pisanan, dudu sing pungkasan.
  3. Migunakaké sumber pinercaya nulung kanggo njelasaké sudut pandang endi sing dipigunakaké jroning sawijining artikel, lan amarga saka kuwi nulung kita kanggo sejalan marang kawicaksanan cara ndeleng nétral.

Sintésa matèri terpublikasi kanggo ndhukung sawijining pendapat

Para kontributor nglakoni kesalahan yèn mikir yèn A dipublikasi déning sumber pinercaya, lan B dipublikasi déning sumber pinercaya, banjur A lan B bisa digabung jroning sawijining artikel kanggo ndhukung pendapat C. Bab iki bisa dadi sawijining conto sintésa anyar adhedhasar matèri publikasi kanggo ndhukung sawijining pendapat, lan amarga saka kuwi bisa dianggep riset asli. "A lan B, mula C" mung bisa ditampa yèn sawijining sumber pinercaya wis publikasi argumèn iki jroning kaitané karo topik jroning artikel.

Ing ngisor iki sawijining conto saka artikel Wikipedia, kanthi jeneng-jeneng sing wis diowahi. Artikel iki ngenani Jones:

Smith omong yèn Jones nglakoni plagiarisme kanthi nyalin rujukan saka buku liya. Jones nyélaki bab iki, lan ngomong yèn migunakaké matèri saka buku wong liya yaiku sawijining praktèk ilmiah sing bisa ditampa kanggo nemokaké rujukan anyar.

Saiki sawijining conto sintésa adhedhasar matèri kapublikasi:

Yèn pernyataan Jones yèn dhèwèké migunakaké sumber asli ora bener, mula bab iki kosok balèn karo praktek sing diprayogakaké ing Chicago Manual of Style, sing nyatakaké kanggo mènèhi kutipan saka sumber sing dipigunakaké. Chicago Manual of Style ora nyatakaké pelanggaran iki minangka "plagiarisme". Suwaliké, plagiarisme didhéfinisi minangka migunakaké informasi, ide, tembung-tembung, utawa struktur saka sawijining sumber tanpa nyertakaké sumber kutipan.

Kabèh paragraf iki arupa riset asli amarga nyatakaké opini panyunting, kanthi nyertakaké dhéfinisi saka Chicago Manual of Style ngenani plagiarisme, yèn Jones ora nglakoni bab kasebut. Kanggo gawé paragraf iki konsisten karo kawicaksanan iki, dibutuhaké sawijining sumber pinercaya sing sacara spesifik nyatakaké ngenani prabédan pendapat antara Smith lan Jones lan mènèhi rujukan sing padha ngenani Chicago Manual of Style lan plagiarisme. Nganggo tembung liya, analisa sing tepat kudu wis dipublikasi déning sumber pinercaya, kagandhèng karo topik kasebut sadurungé bisa dipublikasi ing Wikipedia.

Ngutip tulisané dhéwé

"Dudu riset asli" ora nglarang ahli jroning bidang tinamtu kanggo nambahaké kawruhé menyang Wikipedia. Senadyan mangkono, kawicaksanan iki nglarang panyunting ahli kanggo narik kesimpulan saka kawruh pribadi lan langsung, yèn bab kasebut ora bisa diverifikasi. Wikipedia nyambut kanthi apik kontribusi saka para ahli, sadawané kontribusi iki bisa asal saka sumber sing bisa diverifikasi (jroning bab iki, dipublikasi). Amarga saka kuwi, yèn penyunting wis muublikasi asil riseté ing papan liya, ing sawijining publikasi pinercaya, penyunting kasebut bisa ngutip sumber kasebut lan sajalan karo kawicaksanan cara ndeleng netral Wikipedia.

Wikipedia ngarep-arep kontributor ahli kanggo nyumbangaké kawruhé adhedhasar sumber kapublikasi kanggo nyugihaké artikel-artikel. Senadyan para spesialis ora nduwèni posisi khusus jroning Wikipedia, nanging para spesialis biasa lan nduwèni aksès menyang luwih akèh sumber pinercaya lan amarga saka kuwi bisa nulung banget jroning verifikasi utawa ngutip sumber. Deleng uga pedhoman Wikipedia kanggo nangani prabédan kepentingan.

Deleng uga