Wikipedia:Basa Baku

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Kaca iki njlèntrèhaké basa Jawa kang baku kang prayoga minangka panglantaré artikel umumé.

Basa Jawa kang baku iku basa kang ancasé bisa ditampa lan dingertèni wong Jawa saka endi-endi papan.[1] Basa kang baku iku lumrahé kanggo ing acara resmi, kaya ta kutbah, sesorah, uleman, lan pawarta. Titikané basa kang baku iku ana papat: (1) cetha (ora mangro), (2) wutuh (ora tugel), (3) laras (ora wagu), lan (4) prasaja (ora èntar).

Cetha[besut sumber]

Cetha ing kéné tegesé ora mangro (ambigu).[1] Akèh tembung Jawa kang tegesé punjul saka siji. Contoné tembung karo kang tegesé: 'lan', 'marang', 'tinimbang', 'sarana', 'déning', 'sinambi', 'bebarengan', lsp. Amarga kèhé tegesé, tembung mau bisa nuwuhaké salah ing pangertèn.

Conto lan tegesé:

  1. Waluya dikon lunga karo Rama
    (a) Waluya dikon lunga déning Rama.
    (b) Waluya lan Rama dikon lunga.
  2. Waluya uga wedi karo Rama.
    (a) Waluya uga wedi marang Rama.
    (b) Waluya lan Rama uga wedi.
  3. Waluya lunga karo pit.
    (a) Waluya lunga sarana pit.
    (b) *Waluya lan pit lunga.

Wutuh[besut sumber]

Tembung kang baku iku tembung kang wutuh lan ora minangka wancahan (tembung tugelan).[1] Tembung dha, sik, teng, tuwin ning iku tugelaning tembung baku padha, dhisik, dhateng, tuwin nanging, mula kalebu tembung-tembung kang ora baku.

Kanggo nitik endi tembung kang wutuh lan ora, ing Bausastra Jawa tembung-tembung kang ora wutuh adaté kanggo ing basa pacelathon (pc.) saha enggon-enggonan (engg.). Awit saka itu, tembung-tembung kang tinengeran pc. lan engg. ing Bausastra Jawa lumrahé minangka tembung kang ora baku. Samono uga, tembung mawa tengeran wc. (wancahan) dudu tembung kang baku.

Tembung-tembung krama enggon-enggonan (krama dhialèk), krama madya, lan krama désa kang wujud tugelaning tembung krama lan krama inggil uga kalebu tembung kang ora baku.[2]

Conto lan tegesé:

  1. Dhèké ra ndé dhit.
    Dhèwèké ora nduwé dhuwit.
  2. Kodhoké pangan ula.
    Kodhoké dipangan ula.
  3. Nggoné nèng sih étan.
    Panggonané ana ing sisih wétan.
  4. Suk ésuk cah-cah dha nèng sekolah.
    (a) Sésuk ésuk bocah-bocah padha menyang sekolah.
    (b) Sésuk ésuk bocah-bocah padha ana ing sekolah.
  5. Bapak teka sing kutha.
    Bapak teka saka ing kutha.

Laras[besut sumber]

Laras tegesé pamilihing tembung nglelimbang sakèhing wong kang maca tulisan. Tembung-tembung kang kopilih prayogané dudu tembung-tembung kang mung lumrah tinemu ing pacelathon cara tlatahmu, nanging tembung-tembung kang lumrah dianggo ing buku-buku basa Jawa.

Tembung-tembung wédok, tékok, cerak, kétok, menèh, lan isa mono lumrah ing cecaturaning wong Ngayogyakarta, nanging ora lumrah kaanggo ing basa tulisan kang nganggo tembung-tembung wadon, takon, cedhak, katon, manèh, lan bisa.

Amarga tulisan kang baku iku diwaca wong-wong saka sadengah papan, tembung-tembung enggon-enggonan (dhialèk) ora trep yèn kaanggo.[1]

Conto lan tegesé

  1. Nyong njagong aring brug.
    Aku lungguh ing kreteg.
  2. Kita belih bisa mangan.
    Aku ora bisa mangan.
  3. Wongé gak eruh tah gak ndelok.
    Wongé ora ngerti utawa ora ndeleng.
  4. Cah wédok kuwi nèk omong alon.
    Bocah wadon iku yèn ngomong alon.

Ing Wikipédia iki, tembung enggon-enggonan bisa kaanggo ing artikel sauger artikelé katengeran dhialèk ing kaca parembugané. Artikel tanpa tengeran dhialèk kudu katulis mawa basa kang baku.

Prasaja[besut sumber]

Basa kang baku sabisané ora nganggo tembung utawa ukara éntar amarga bisa njalari saya dawané ukara.[1]

Conto lan tegesé

  1. Kanggo nyumurupi sepira abot-ènthèngé barang, dalan kang prayoga kanthi nimbang barang mau.
    Kanggo nyumurupi boboté barang, carané kanthi nimbang barang mau.

Uga delengen[besut sumber]

Rujukan[besut sumber]

  1. a b c d e Gina (2012). Puspa Rinonce. Yogyakarta: Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. kk. 25–27. ISBN 9789791854054. OCLC 959081456. 
  2. Suwadji (2013). Ngoko Krama. Yogyakarta: Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. k. 8. ISBN 9786027777620. OCLC 890814963.