Menyang kontèn

Widjojo Nitisastro

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Widjojo Nitisastro
Pratélan Kepala Badan Perencanaan Pembangunan Nasional 1
Linggih
29 Maret 1978  19 Maret 1983
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéTidak Ada
Kang sawiséJ.B. Sumarlin
Rerincèn dhiri
Lair23 Sèptèmber 1927 (umur 98)
Indhonésia Indonésia
AgamaIslam

Prof. Dr. Widjojo Nitisastro (miyos ing Malang, Jawa Wétan,lair 23 Sèptèmber 1927; umur 98 taun) inggih punika tilas Mantri Indonésia ingkang misuwur minangka arsitek utami perékonomian ordhé énggal.[1][2]

Biografi

[besut | besut sumber]

Nalika wonten perang Revolusi Kamardikan ing Surabaya, Widjojo Nitisastro taksih sekolah ing kelas satunggal SMT (satingkat SMA).[3] Nalika taun 1945, Widjojo nggabung kaliyan wadyabala pelajar ingkang salajengipun dipunparingi nama TRIP.[3] Sasampunipun mangsa perang purna, Widjojo mucal ing SMP ngantos tigang taun dangunipun.[3] Salajengipun Widjojo kuliyah ing Fakultas Ékonomi, Universitas Indonésia (UI) lan mirunggan sinau babagan dhémografi.[3] Salajengipun Widjojo mendhet gelar dhoktor ing Universitas Berkeley, California, Amérika Sarékat (1961).[3]

Nalika taun 1980-an, Widjojo naté kapilih minangka calon wakil présidhén periodhé 1983-1988.[3] Panjenenganipun dipuncalonaken déning Forum Studi lan komunikasi (Fosko), satunggalipun organisasi ingkang anggotanipun aktivis angkatan 66.[3] Nalika taun 1984, Widjojo pikantuk bebingah "Elise Walter Haas Award" saking Universitas Berkeley, California, Amérika Sarékat.[3]

Buku Seratanipun

[besut | besut sumber]
  • "Soal Penduduk dan Pembangunan Indonésia" (sareng kaliyan Prof. Dr. Nathan Keyfiz),
  • "Population Trends in Indonésia",
  • "The Socio Economic Basic of the Indonésian State",
  • "The Role of Research in a University".[3]

Kariér

[besut | besut sumber]

-Perencana pada Badan Perencanaan Nagara (1953-1957), -Dhirektur Lembaga Ékonomi dan Riset UI lan Dekan FE UI (1961-1964 lan 1964-1968), -Guru Besar Ékonomi Universitas Indonésia-UI (1964-1993), -Dosen Seskoad (wiwit taun 1962), -Dosen Lemhanas (wiwit taun 1964), -Dhirektur Lembaga Ékonomi lan Kabudayan Nasional (Leknas), Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonésia (1964-1967), -Ahli PBB bagi penilaian pelaksanaan dasawarsa Pembangunan II dan anggota Governing, -Council of United Nations Institute of Development (1967), -Ketua Bappenas (1967-1971), -Ketua Delegasi Rescheduling Utang RI (1967), -Mantri Nagara Perencanaan Pembangunan Nasional (1971-1973), -Mantri Koordinator Ékonomi, Keuangan, lan Industri ngrangkep Ketua Bappenas (1973-1978 lan 1978-1983), -Penasihat Bappenas (19831998), -Penaséhat Pamarentah RI, -Penaséhat Ékonomi Présidhèn (1993-1998), -Ketua Tim Asistensi Ékonomi (1999-2001).[3]

Bebingah

[besut | besut sumber]

-"Elise Walter Haas Award"' saking Universitas Berkeley, Amérika Sarékat (1984), -Piagam Hatta (1985), -Bebingah Kapendudukan (1992).[3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Widjojo Nitisastro, Prof. Dr; Arsitek Ekonomi Orba yang Masih Cemerlang Archived 2005-04-27 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 30 September 2011)
  2. Widjojo Nitisastro Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 30 September 2011)
  3. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Widjojo Nitisastro[pranala mati permanèn] dipunundhuh tanggal 30 September 2011)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

Widjojo Nitisastro Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine.