Wayang Pancasila

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
musiyum wayang, jalan Fatahilah Jakarta

Wayang Pancasila iku carita wayang kang persis karo wayang purwa kang bedakaké mung lakon-lakoné, ning wayang Pancasila lakoné pejuang-pejuang bangsa Indonésia caritané uga bab perjuangan Bangsa Indonésia[1]. Wayang modern iki kacipta amarga wayang-wayang purwa, madya lan gedhog ora bisa menuhi kaperluan masarakat, mligi kaperluan komunikasi[2]. Mula iku kacipta wayang modern-modern liyan kanggo njangkepi faktor-fakttor panglancar komunikasi ning masarakat, kaya ta wayang wahana (1920), wayang kancil(1925), wayang wahyu (1960), wayang dobel, wayang sajati (1972), wayang budha lan wayang sadat (1985)[2].

Wujudé Wayang Pancasila[besut | besut sumber]

Wujud wahana wayang iki bisa diomong padha karo wayang purwa, saora-orané meh padha persis karo wayang wahana atawa wayang suluh[3].Wayang iki diciptakaké déning Suharsana Hadisusena (pegawé Kamentrian Penerangan kang ana ning Kutha Ngayogyakarta) watara taun 1950-an[1]. Paraga wayang pancasila iku modifikasi saka rupané lakon-lakon wayang kulit purwa, lakon kasatria saka wayang pancasila rupané dipadakaké karo lakon-lakon panjajah lan para pejuang, karo klambi ijo kanggo para lakon-lakon wayang kulit purwa kaya ta Bima lan Arjuna, wayang pancasila iki ditambahi bedil lan ora lali ana bintang pangkaté uga[1]. Dinggoni klambi, kathok dawa lan nganggo peci bala[4]. Saka segi kaendahan seni kriya, peraga wayang pancasila kaya-kaya ngrusak kaendahan wayang kulit purwa[1]. Wayang pancasila kago;ong wayang kontemporer, padha kaya wayang revolusi, wayang sadat lan wayang pandu.[5] macem-macemé wayang kontemporer, kang duwé sajarah lan tokoh kang béda-béda.[5] Jeneng-jeneng lakon kang ana ning wayang pancasila uga duwé arti kang ngambaraké sapa tokoh iku, kaya ta tokoh Jendral Spoor, panglima panjajah Walanda[1]. Uga dibeber kanggo nyeritakaké carita-carita paristiwa Kamardikan Républik Indonésia kanti tujuan mènèhi "penerangan" bab filsafat Pancasila, UUD sarta GBHN [4] . Ana ning wayang Pancasila Jendral iku duwé celukan Senapati Rata Dahana, kang artiné Rata iku kereta api, lan dahana iku geni. kaya tembung celukan spoor iku padha karo sepur[1].

Karana wayang pancasila iki akèh carita perang, nuli kurang apik manawa dadi tontonan, wayang pancasila iki ora maju.[1] Watara taun 1951 wayang ora tau dibeber manèh.[1]

Delengna Uga[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h www.pdwi.org dipununduh tanggal 28 April 2011, jam 04.50 WIB
  2. ^ a b RAGAM WAYANG DINUSANTARA dipununduh tanggal 11 April 2011, tabuh 23.09 WIB
  3. ^ jinis wayang Indonésia dipununduh tanggal 11 April 2011, tabuh 21.49 WIB
  4. ^ a b SMK PEDALANGAN kls 10, hlm.52 dipununduh tanggal 11 April 2011 tabuh 21.32 WIB
  5. ^ a b koran TEMPO dipununduh tanggal 11 April 2011, tabuh 21.05 WIB