Warna (Hindu)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Simbul Hindhu

Wonten ing agama Hindhu, ukara Kasta dipunsebut kanthi Warna (Sanskerta: वर्ण; varṇa). Urat tembung "Warna" kapendhet saking basa Sanskerta "vrn" ingkang ngemu teges "milih". wonten ing ajaran agama Hindhu, status manungsa wonten ing masarakat dipunpendhet saking pedamelanipun. Wonten ing konsèp mau dipungambaraken éwadéné manungsa punika lair wonten ing kulawarga Sudra (budak) utawi Waisya (dagang), yèn piyambakipun sregep wonten ing babagan rohani saéngga dados pandhita, piyambakipun gadhah hak nyandhang status Brahmana. Saéngga, status manungsa wonten ing sajeroning masarakat punika boten saking piyambakipun lair nanging sabibaripun nglampahi pedamelan tartamtu.[1]

Wonten ing tradisi Hindhu, manawi satunggal tiyang ahli wonten ing babagan kerohanian, piyambakipun nyandhang status Brahmana. Bilih satunggal tiyang ahli utawi nindakaken pedamelan wonten ing babagan administrasi pamerentahan utawi nyandhang gelar minangka punggawa utawi prajurit nagara, piyambakipun nyandhang status Ksatriya. Manawi satunggal tiyang ahli babagan dedagangan uatwi niaga, tetanèn, sarta pakaryan sanèsipun ingkang gegayutan kaliyan niaga, arta, piyambakipun nyandhang status Waisya. Manawi satunggaling tiyang nindakaken pakaryan minangka pembantu saking tigang status mau (Brahmana, Ksatriya, Waisya), piyambakipun nyandhang status minangka kasta Sudra.[2]

Warna ingkang utama[besut | besut sumber]

Brahmana[besut | besut sumber]

Brahmana minangka golongan pandhita saha rohaniwan wonten ing sawijining masarakat, saéngga golongan mau minangka golongan ingkang paling dipunhurmati. Wonten ing ajaran Warna, tiyang ingkang nyandhang gelar Brahmana amargi keahlianipun wonten ing babagan kawruh agama. Saéngga, status minangka Brahmana boten dipunangsal saking lair. Status Brahmana dipunangsal kanthi nindakaken ajaran agama kanthi tumemen dumugi tiyang punika layak dipunsebut rohaniawan.[3]

Ksatriya[besut | besut sumber]

Ksatriya minangka golongan para bangsawan ingkang tumemen babagan pamerentahan utawi administrasi nagara. Ksatriya ugi minangka golongan para ksatriya utawi para Raja ingkang ahli babagan militèr saha pinter migunakaken senjata. Kuwajiban golongan Ksatriya inggih punika ngayomi golongan Brahmana, Waisya, saha Sudra. Manawi golongan Ksatriya nindakaken kuwajibanipun kanthi leres, piyambakipun badhé angsal berkah saha pandonga saking golongan Brahmana, Waisya, sarta Sudra.[2]

Waisya[besut | besut sumber]

Waisya minangka golongan para pedagang, tani, warigaluh, sarta pakryan sanèsipun ingkang kalebet babagan niaga utawi sadaya pedamelan ingkang ngurus sadaya babagan ingkang asipat material, kados ta pangan, sandhang, papan, lsp. Kuwajibanipun inggih punika nyekapi kabetahan pokok (sandhang, pangan, papan) golongan Brahmana, Ksatriya, sarta Sudra.[2]

Sudra[besut | besut sumber]

Sudra minangka golongan para pembantu ingkang mbiyantu Brahmana, Kshatriya, saha Waisya supados pakaryanipun saged lumampah. Wonten ing filsafat Hindhu, tanpa golongan Sudra, kuwajiban tigang kasta boten saged dipunadani kanthi seimbang saha sami – sami paring kontribusi.[2]

Sistem makarya[besut | besut sumber]

Caturwarna nuntun satunggaling tiyang supados nglaksanakaken kuwajibanipun kanthi saé. Golongan Brahmana dipunwajibkaken kanggé nyukani kawruh rohani dhumateng golongan Ksatriya, Waisya, saha Sudra. Golongan Ksatriya dipunwajibkaken supados mgayomi golongan Brahmana, Waisya, saha Sudra. Golongan Waisya dipunwajibkan supados nyekapi kabetahan material golongan Brahmana, Ksatriya, saha Sudra. Déné golongan Sudra dipunwajibkan mbiyantu golongan Brahmana, Ksatriya, saha Waisya supados kuwajibanipun sadaya golongan saged dipunlaksanakaken kanthi saé.[1]

Sekawan golongan mau (Brahmana, Ksatriya, Waisya, Sudra) sami mbiyantu saha sami nyekapi sadayanipun supados saged kacekapan kanthi saé. Wonten ing sistem Caturwarna, babagan hak boten dipunandharaken amargi hak punika dipunangsal kanthi otomatis. Hak boten dipuntampi manawi sekawan golongan boten sami mbiyantu.Sekawan golongan dipunanjuraken supados sami mbiyantu saéngga saged nampi hak.Wonten ing sistem Caturwarna wonten sawijining siklus "maringi saha dipunparingi" manawi sekawan golongan sami netepi kuwajibanipun.[1]

Amargi status satunggal tiyang boten saged dipungpirsani nalika lair, saéngga statusipun saged punewahi. Hal mau kadadéan manawi tiyang punika boten netepi kuwajibanipun kanthi status ingkang dipunsandhang. Tiyang ingkang lair wonten ing kulawarga Brahmana saged dados Sudra manawi tiyang mau boten gadhah wawasan rohani ingkang jembar, saha ugi boten layak dados pandhita. Mekaten ugi tiyang ingkang lair wonten ing golongan Sudra saged dados Brahmana amargi piyambakipun gadhah kawruh ingkang jembar babagan kerohanian saha layak dados pandhita.[1]

Penyimpangan[besut | besut sumber]

Kathah tiyang ingklang nganggep Caturwarna sami kaliyan Kasta ingkang maringi tiyang sawijining status wonten ing masarakat nalika lair. Nanging wonten ing kasunyatanipun, status wonten ing sistem Warna dipunangsal sabibaripun tiyang punika nindakaken sawijining pakaryan tartamtu. Sistem Warna ugi dipunanggep mbentenaken kedhudhukan tiyang. Nanging wonten ing ajaranipun, sistem Warna kepenging supados tiyang netepi kuwajiibanipun kanthi temen.[4] Asring tiyang ingkang lair ing kulawarga ingkang gadhah status sosial ingkang inggil saha ndamel putranipun ngroas seneng dhumateng status sosial tinimbang nindakaken kuwajibanipun. Sistem Warna ngajaraken tiyang supados boten ngagungaken status sosialipun, nanging dipunsuwun saged nindakaken kuwajibanipun kanthi status ingkang dipunsandhang saking lair, nanging saking keahlianipun. Saéngga, dipuntuntut langkung tanggel jawab kanthi status ingkang dipunsandhang.[1] Wonten ing Indonésia (mliginipun wonten tlatah Bali) piyambak kadadéan salah paham tumrap sistem Catur Warna. Catur Warna kedah dipunpisahaken saking pangerten kasta. Pamanggih mau dipunngendikakaken déning Drs. I Gusti Agung Gde Putera, nalika punika Dekan Fakultas Agama dan Kebudayaan Institut Hindhu Dharma Denpasar nalika rapat Désa Adat se-kabupatèn Badung taun 1974. Gde Putera ingkang sapunika Dirjen Bimas Hindhu dan Buda Departemen Agama nedahaken[5]:

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e I Ketut Sukartha, dkk. (2003). Agama Hindu untuk SLTP Kelas 3ISBN 979-571-020-6 (jilid 1). Denpasar: Penerbit Ganeca Exact.
  2. a b c d Dharam Vir Singh (Alih Basa Déning I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah PengantarISBN 978-979-722-399-1. Surabaya: Penerbit Paramita.
  3. [1]
  4. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-12-19. Dibukak ing 2012-11-24.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  5. Sebuah Kutipan dari buku "Kasta dalam Hindu – kesalahpahaman berabad-abad". Oleh: Ketut Wiana dan Raka Santeri

Pranala njaba[besut | besut sumber]

  • Ketut Wiana dan Raka Santeri, Kasta dalam Hindu – kesalahpahaman selama berabad-abad. Penerbit: Yayasan Dharma Naradha. ISBN 979-8357-03-5
  • I Gusti Agung Oka, Slokantara. Penerbit: Hanumān Sakti, Jakarta.