Menyang kontèn

Virnie Ismail

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Virnie Ismail
Lair24 Agustus 1979 (umur 46)
Bandung, Jawa Kulon, Indonésia
PakaryanArtis, Komèdian

Virnie Syafitri Ismail (lair ing Bandung, Jawa Kulon, 24 Agustus 1979; umur 46 taun) ya iku salah siji juru main sinétron lan uga pelawak Indonésia kang ditepungi dadi juru main centil lan sèksi ing acara komèdi Extravaganza kang diputer TransTV.[1]

Virnie miwiti karir ing layar kaca Indonésia ing sinétron Lobi-Lobi (1996).[1] Banjur, finalis Mojang Parahyangan 1996 iki main ing sinétron kaya ta, Babe, Bulan Berkaca, Kabut Sutra Ungu, Si Toloy lan Jaka Gledek.[1] Nanging dhèwèké kondhang wiwit mèlu dadi anggota ing acara komèdi Extravaganza ing taun 2004.[2]

Taun 2002, Virnie nyoba donya panglipur ing filem layar amba kang judhulé Rembulan Di Ujung Dahan bareng karo aktris sénior, Ira Wibowo garapan sutradara Garin Nugroho.[2] Patang taun sawisé, Virnie bareng Anjasmara, Maya Hasan, lan Djenar Maesa Ayu main ing filem Koper (2006).[2]

Filmografi

[besut | besut sumber]

Sinétron

[besut | besut sumber]
  • Lobi-Lobi,
  • Kabut Sutra Ungu,
  • Babe,
  • Bulan Berkaca,
  • Si Toloy,
  • Jaka Gledek,
  • Sephia,
  • Insyaf,
  • Janji.[2]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 Virnie Ismail(09 Juli 2011)
  2. 1 2 3 4 5 Virnie(09 Juli 2011)