Varises

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
pembuluh getih kang ngalami pelebaran

Varisès ya iku metuné urat-urat alus kang mlengkak-mlengkok, nyabang kaya jaring temangga.[1] Varisès iku pelébaran pembuluh getih amarga gedhéné tekanan maring laladan tertamtu, tuladhané varisès sikil kang dialami ibu kang lagi ngandhut utawa wong kang kelemon.[1] Varisès lumrahé tinemu ing suthang ngisor, suthang dhuwur, lan dinding weteng pérangan ngisor.[2] Sanajan biyasa tinemu ing laladan-laladan kang disebutaké mau, pranyata varisès bisa tinemu ing pérangan endi waé ing awak.[2]

5 Perkara kang bisa marakaké varisès sikil[besut | besut sumber]

sikil paling kerep kena varises

Ana 5 prakara kang bisa marakaké varisès sikil.[3]

  1. Kehamilan / meteng / ngandhut bisa ngundhakaké ilèn getih ing kabèh pérangan awak. Bobot tambahan saka kandhutan kang saya gedhé uga bisa marakaké varisès.
  2. Keturunan utawa génetik iku faktor tunggal kang paling bisa dipesthékaké marakaké varisès.
  3. Kurang obah / obah. Akèh gawéan kang nuntut kudu lungguh sadina-dina. Perkara iku mau bisa marakaké peredaran getih ora lancar lan tekanan kang kakéhan ing laladan sikil.
  4. Hormonal iku salah siji faktor kang bisa marakaké varisès. Faktor hormonal iki biyasa dialami wong kang lagi ngandhut, pubertas, menopause, lan wong kang nggunakaké kontrasepsi hormonal
  5. Kakéhan ngadeg bisa marakaké getih luwih akèh terkonsèntrasi ing sikil saéngga tekanan ing laladan iku mundhak. Kuwi bisa marakaké pembuluh getih saya amba kanthi permanen.

Tandha-tandha Varisès[besut | besut sumber]

Tandha-tandha varisès ya iku.[4]

  1. Sikil rikat kesel
  2. Suthang pérangan ngisor lan pergelangan sikil gatel, luwih-luwih nalika suthang ing kondisi anget (sawisé nganggo guwik utawa stoking).

Ana manèh kang nyebutaké tandha-tandha varisès kaya ing ngisor iki.[5]

  1. Sikil krasa abot lan lara
  2. Sikil pérangan ngisor krasa panas, otot kejang, keduten, lan aboh.
  3. Sikil krasa tambah lara nalika ngadeg utawa lungguh kesuwen.
  4. Gatel ing saubengé pembuluh vena
  5. Ing laladan kang cedhak kemiri mborok lan merlokake usada medis amarga saking nemené.

Jinis-jinis Varisès[besut | besut sumber]

pembuluh vena sikil katon saka jaba

Ana 4 jinis varisès.[6]

  1. Varisès golongan èntèng uga ingaran spider navy. Lumrahé amarga suhu kang banget panasé utawa atisé, amarga kena sorot srengéngé terus-terusan, lagi ngandhut, faktor gènetik, biyasa mangan pedhes, lan usada hormonal. Spider navy bisa metu ing rai, pangkal lengen, sémpol, laladan dhengkul, lan pergelangan sikil lan tungkak. Térapi kang kanggo marasaké ya iku laser utawa nganggo piranti listrik kanggo nglebokaké zat maring kulit kanthi ancas nyilikaké pembuluh getih.
  2. Varisès ing jero kulit. Varisès iki ndadi ing pembuluh véna kang alus lan tipis ing sikil. Kanggo marasaké lumrahé nggunakaké usada kang bisa nguataké dinding vena lan nglancaraké ilèn getih. Kajaba iku, kang ngalami varisès jinis iki uga dikongkon nganggo stocking mirunggan kang fungsiné menekan pembuluh véna saéngga otot lan dinding vena bisa makarya kanthi maksimal
  3. Rèticular varicose veins'' ya iku wujud varisès kang wis nemen amarga ndadi ing pembuluh getih kang ana ing ngisor kulit. Kanggo marasaké lumrahé nggunakaké usada kang bisa nguataké dinding vena lan nglancaraké ilèn getih. Kajaba iku, kang ngalami varisès jinis iki uga dikongkon nganggo stocking mirunggan lan ulah raga kaya joging lan nglangi sarta disaranaké ora ngaggo sepatu utawa sandhal high heel
  4. Varisès kronis iki bakal ngatonaké pembuluh getih kang mlengkak-mlengkok ing kéntol. Kanggo marasaké lumrahé nggunakaké usada kang bisa nguataké dinding vena lan nglancaraké ilèn getih. Kajaba iku, kang ngalami varisès jinis iki uga dikongkon nganggo stocking mirunggan lan ulah raga kaya joging lan nglangi sarta disaranake ora ngaggo high heel. Kajaba iku uga disaranaké térapi suntik. Yén térapi suntik ora mempan, pembuluh véna kudu dibedhah kanggo ngilangi pembuluh véna kang rusak.

Cara ngalangi wetuné varisès[besut | besut sumber]

  1. Turon kanthi posisi sikil lan suthang luwih dhuwur saka jantung nganti 20 menit. Fungsi posisi iki ya iku nglancaraké peredaran getih maring jantung.
  2. Yoga saben dina.
  3. Aja ngadeg kesuwèn.
  4. Ulah raga rutin kanggo nglatih otot sikil kaya lumaku-lumaku, jogging, sepédahan, nglangi (minimal 30 menit saben dina).
  5. Aja mijet ing laladan kang varisès.
  6. Akèhi mangan janganan lan buah kang akèh seraté, pilih panganan kang bisa merangsang sirkulasi getih kaya bawang, brambang, bawang bombay, jahé lan lombok abang. Kajaba iku, pilih panganan kang ngandhung vitamin B kompleks, vitamin C, vitamin E, Vitamin B6, magnésium, asem folat, kalsium lan zinc.
  7. Kurangi konsumsi gula, uyah, daging kang wernané abang, goréngan, lan protéin héwani.
  8. Kerep sembujung

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b mediaséhat.com[pranala mati permanèn]
  2. a b "medicastore.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-04-23. Dibukak ing 2011-04-28.
  3. dhokterumum.net[pranala mati permanèn]
  4. "spesialis.info". Diarsip saka sing asli ing 2011-10-11. Dibukak ing 2011-04-28.
  5. "sweetspearls.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-05-14. Dibukak ing 2011-04-28.
  6. waspada.co.id